Postingan

Menampilkan postingan dengan label kawruh jawa

Tembung Tanduk lan Tembung Tanggap

A. TEMBUNG TANDUK      Tembung Tanduk yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater hanuswara (an,am,ang,any).      Tuladha :         a. an + tulis : nulis             an + tulis + i : nulisi        b. am + pacul : macul            am + pacul + i : maculi        c. ang + gambar : nggambar            ang +gambar + ake : nggambarake        d. any + sebar : nyebar            any + sebar + ake : nyebarake   Warna-warnane tembung tanduk :     1. Tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung sing ora nduweni panambang.         Tuladha :nyilih, mundur, ngatur,nyukur, lsp     2. Tembung tanduk I-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang i.         Tulad...

Legendha Asal-usule Blora

Gambar
FOKLORE JAWA ( CERITA RAKYAT ) 1. Fabel Yaiku dongeng sing dadi jejering lakon arupa kewan, kang adat tata carane kaya manungsa. Tuladha : a. Dongeng si kancil b. Dongeng peksi glathik c. Dongeng si macan d. Lsp 2. Epos Yaiku dongeng utawa cerita kang nyritakake bab kepahlawanan. Tuladha : a. Epos Pangeran Diponegoro b. Epos Mahabharata c. Epos Ramayana d. Lsp 3. Mithe Yaiku cerita bab mistik / kepercayaan alam ghaib, utawa cerita sing gegayutan karo dewa-dewi. Tuladha : a. Jaka Tarub b. Andhe-andhe lumut c. Nyi roro kidul d. Lsp 4. Legendha Yaiku dongeng kang gegayutan karo dumadine alam kang ceritane mung digathuk-gathukake. Tuladha : a. Dongeng Bledug Kuwu b. Dongeng Rawa Pening c. Dongeng  Tangkupan Perahu d. Dongeng Asal-usule Blora Tuladhane Legendha 1 : ASAL-USULE BLORA Miturut critane rakyat Blora iku dumadi saka tembung belor. Tegese endhut (Lumpur). Tembung belor saya suwe dadi mbeloran lan akh...

Teks Narasi Tentang Peristiwa Manganan Janjang

Gambar
Teks naratif yaiku teks kang nyritakake kedadeyan utawa kisah sakiwa tengene siswa utawa pengarang. Teks naratif ana kang asipat khayalan nanging uga ana kang asipat aktual utawa kedadeyan sabenere . Kajaba iku, teks naratif duweni maksud kanggo aweh pendhidhikan,menehi ngerti,menehi refleksi, menehi daya imajinasi lan menehi panglipur marang para siswa lan sapa wae wong kang padha maca teks mau. Manut Kamus Besar Bahasa Indonesia “ Teks naratif adalah teks yang tidak bersifat dialog dan isinya merupakan kisah sejarah,deretan peristiwa, dsb” Tuladhane teks naratif : MANGANAN JANJANG     Sedina sadurunge sedhekah bumi Janjang bakul-bakul wis padha mara saperlu nata panggonan. Bakul dolanan bocah, bakul rupa-rupa panganan, bakul sandhangan lan liya-liyane. Yen pinuju sedhekah bumi   dalan tumuju pesareane Mbah Janjang kiwa tengen kebak bakul kaya pasar ngalih enggon.                    Dene warga desa ...

FOKLORE JAWA ( CERITA RAKYAT )

1. Fabel Yaiku dongeng sing dadi jejering lakon arupa kewan, kang adat tat carane kaya manungsa. Tuladha : a. Dongeng si kancil b. Dongeng peksi glathik c. Dongeng si macan d. Lsp 2. Epos Yaiku dongeng utawa cerita kang nyritakake bab kepahlawanan. Tuladha : a. Epos Ramayana b. Epos Mahabharata c. Epos Pangeran Diponegoro d. Lsp 3. Mithe Yaiku cerita bab mistik / kepercayaan alam ghaib, utawa cerita sing gegayutan karo dewa-dewi. Tuladha : a. Jaka Tarub b. Andhe-andhe lumut c. Nyi roro kidul d. Lsp 4. Legendha Yaiku dongeng kang gegayutan karo dumadine alam kang ceritane mung digathuk-gathukake. Tuladha : a. Dongeng Bledug Kuwu b. Dongeng Rawa Pening c. Dongeng  Tangkupan Perahu d. Lsp

SANEPA

Gambar
Sanepa yaiku unen-unen saemper pepindhan, kedadean saka rong tembung  ( tembung kahanan lan tembung aran ) sing ngemu karep mbangetake. ( Tembung kahanan : kata sifat) ( Tembung aran : kata benda ) Carane negesi sanepa yaiku digoleki kosok balene tembung kahanane, terus ditambahi tembung kang ngemu surasa mbangetake,kaya ta banget. Tuladhane : 1.      Ambune arum jamban tegese ambune banger banget. 2.      Awake kuru semangka tegese awake lemu banget. 3.      Balunge atos debog tegese balunge empuk banget. 4.      Balunge   wuled godhong lumbu tegese kulite gampang suwek/ringkih. 5.      Barange aji godhong garing tegese barange ora aji banget. 6.      Bobote abot kapuk tegese bobote entheng banget. 7.      Bobote abot merang sagedheng tegese bobote entheng banget. 8.      Cahyane abang dl...

Arane dina lan pasaran

Gambar
Arane utawa Jenenge Dina ana 7 yaiku : Senen Selasa Rebo Kemis Jemuah Setu Ngaat/aka d Arane utawa Jenenge Pasaran iku ana 5 yaiku : Pon Wage Kliwon Legi Paing Carane nganggo dina lan pasaran : Senen pon, Selasa wage, Rebo Kliwon, Kemis Legi, Jemuah  paing,Setu pon,Ngaat/akat/minggu wage, Senen kliwon, Selasa  legi, Rebo paing lan sateruse. Tuladha : Samenika dinten selasa wage benjing dinten rebo kliwon. Samenika dinten rebo pon benjing dinten Kemis wage. Samenika dinten kemis kliwon benjing dinten jemuah legi. Samenika dinten selasa wage kalawingi  dinten Senen pon. Samenika dinten rebo pon kalawingi  dinten Selasa paing. Samenika dinten kemis kliwon kalawingi dinten rebo wage. Samenika dinten jemuah  kliwon sekawan dinten malih dinten Selasa wage. Samenika dinten akad paing gangsal dinten malih dinten Jemuah paing. Samenika dinten senin legi tigang dinten malih dinten kemis kliwon. Samenika dinten s...

KARANGAN NARASI,ARGUMENTASI,DESKRIPSI,PERSUASI LAN EKSPOSISI

1. Narasi Yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakake kedadeyan utawa kisah sakiwa tengene siswa. teks naratif ana kang asipat khayalan nanging uga ana kang asipat aktual utawa kedadeyan sabenere, maksude yaiku kanggo menehi panglipur marang wong kang padha maca crita mau. Kajaba iku, teks naratif duweni maksud kanggo aweh pendhidhikan,menehi ngerti,menehi refleksi marang para siswa, lan sapa wae wong kang maca teks mau lan menehi daya imajinasi marang wong kang padha maca teks mau. 2. Argumentasi Yaiku karangan utawa paragraf  kang isiné ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk. 3. Deskripsi Yaiku paragraf utawa karangan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhewe obyek kang digambarake ana ing jroning paragraf iki. 4. Persuasi Yaiku paragraf utawa karangan kang isine ngajak para pamaca supaya nglakoni apa ka...

Solahe Wong Nggawa

Gambar
Ana ing kawruh Basa Jawa, nggawa barang iku ana sing bisa nganggo tangan,sirah, bangkekan, pundhak, kelek lan liya-liyane. Nanging ing basa jawa nggawa barang nganggo tangan,sirah lan sapanunggalane iku duwe jeneng dhewe-dhewe. Ing ngisor iki jenenge solahe utawa patrape wong nggawa yaiku : Nggendhong :  nggawa barang ana ing ngarep weteng, ing bangkekan/iringan, ing mburi /geger.     Mikul : nggawa barang ana ing pundhak nganggo pikulan. Manggul : nggawa barang ana ing pundhak utawa mburi pundhak ora nganggo pikulan. Nyunggi : nggawa barang ana ing dhuwur sirah . Ngempit : nggawa barang ana ing kelek . Nyangking : nggawa barang ana ing tangan kiwa/tengen. Nyengkiwing : nggawa barang nganggo tangan sing dicekel sithik. Ngindhit : nggawa barang ana bangkekan ora ngangg o gendhongan. Mondhong : nggawa barang ana ngarep dhadha. Mbopong : nggawa wong ana ngarep dhadha. Nggotong...

Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap

Ukara tanduk yaiku ukara kang wasesane oleh ater-ater anuswara utawa kriya lingga.  Dene tandha-tandhane :    Jejere nindakake pegawean.    Lesane dikenani pegawean.    Wasesane oleh ater-ater anuswara  ( an, am, any, ang ) utawa kriya lingga .  Tuladhane :    Bapak maos koran.    Ibu nyerat nawala.    Eyang Kakung ngunjuk Jampi    Mariyo nabrak kucing.    Pak Sutarman mirengaken pawartos bahasa Jawi. Ukara tanggap yaiku ukara kang  wasesane oleh ater-ater tripurusa ( dak, kok, di )  utawa seselan  -in- .   Dene tandha-tandhane yaiku :    Jejere dikenani pegawean.    Lesane nindakake pegawean.    Wasesane oleh ater-ater dak, kok, di lan seselan  -in- utawa oleh ater-ater ka mligi kanggo          tanggap ka.   Tuladhane :    Apa bukune wis diwaos bapak.    ...

Petungan Jawa

Kang diarani petungan yaiku bab kang ngrembug dina, pasaran, sasi, mangsa lan taun  Jawa. 1. Arane dina ( Pancawara lan Saptawara)    Pancawara = dina pasaran kang cacahe lima    Saptawara  = dina kang cacah pitu.    Arane dina kang pancawara :    Pahing:  jenar,     Pon : palguna,     Wage : cemengan,     Kliwon : kasih    Legi : manis    Arane dina kang saptawara :    Senin :  Soma    Selasa : Anggara    Rabu : Buda    Kamis : Respati    Jum’at : Sukra    Sabtu : Tumpak    Minggu (Ahad) : Dite 2. Arane Sasi Jawa    Sura    Sapar    Mulud    Bakda mulud    Jumadi lawal    Jumadi lakir    Rejeb     Ruwah    Pasa    Sawal     Sela ...

Jinising Tembung

1.         Tembung aran (kata benda) Yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae   kang dianggep barang. Tuladha: pari,Haryadi, sapi, Merapi, meja, lsp. 2.         Tembung kriya (kata kerja)       Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.      Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp. 3.         Tembung kaanan ( kata Sifat ) Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang. Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas, adhem,   sesak, resik, reged, lsp. 4.         Tembung katrangan ( Kata Keterangan ) Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung aran. Tuladha: a.   asune mlayu banter. b.   mangane alon-alon ...