Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap


Ukara tanduk yaiku ukara kang wasesane oleh ater-ater anuswara utawa kriya lingga.

 Dene tandha-tandhane :

  1.    Jejere nindakake pegawean.
  2.    Lesane dikenani pegawean.
  3.    Wasesane oleh ater-ater anuswara  ( an, am, any, ang ) utawa kriya lingga .

 Tuladhane :

  •    Bapak maos koran.
  •    Ibu nyerat nawala.
  •    Eyang Kakung ngunjuk Jampi
  •    Mariyo nabrak kucing.
  •    Pak Sutarman mirengaken pawartos bahasa Jawi.


Ukara tanggap yaiku ukara kang  wasesane oleh ater-ater tripurusa ( dak, kok, di )  utawa seselan  -in- .
  Dene tandha-tandhane yaiku :

  1.    Jejere dikenani pegawean.
  2.    Lesane nindakake pegawean.
  3.    Wasesane oleh ater-ater dak, kok, di lan seselan  -in- utawa oleh ater-ater ka mligi kanggo          tanggap ka.

  Tuladhane :

  •    Apa bukune wis diwaos bapak.
  •    Bukuku dakgambari wayang.
  •    Wulune wis kokbubuti ?
  •    Bocah iku wis ora kena ginawe becik.
  •    Kabeh wis katulis ing buku.
  •    Pawarta iku digiyarake penyiar ing radio.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap