KARANGAN NARASI,ARGUMENTASI,DESKRIPSI,PERSUASI LAN EKSPOSISI



1. Narasi
Yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakake kedadeyan utawa kisah sakiwa tengene siswa. teks naratif ana kang asipat khayalan nanging uga ana kang asipat aktual utawa kedadeyan sabenere, maksude yaiku kanggo menehi panglipur marang wong kang padha maca crita mau. Kajaba iku, teks naratif duweni maksud kanggo aweh pendhidhikan,menehi ngerti,menehi refleksi marang para siswa, lan sapa wae wong kang maca teks mau lan menehi daya imajinasi marang wong kang padha maca teks mau.
2. Argumentasi
Yaiku karangan utawa paragraf  kang isiné ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk.
3. Deskripsi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhewe obyek kang digambarake ana ing jroning paragraf iki.
4. Persuasi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isine ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakake panulis.
5. Eksposisi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isine njlentrehake nganti cetha terwaca.  Ana ing bab iki kang arep dirembug yaiku ngenani paragraf  narasi.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap