Jinising Tembung


1.        Tembung aran (kata benda)
Yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae  kang dianggep barang. Tuladha: pari,Haryadi, sapi, Merapi, meja, lsp.
2.        Tembung kriya (kata kerja)
     Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.
     Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp.
3.        Tembung kaanan ( kata Sifat )
Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang.
Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas, adhem,  sesak, resik, reged, lsp.
4.        Tembung katrangan ( Kata Keterangan )
Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung aran.
Tuladha:
a.  asune mlayu banter.
b.  mangane alon-alon.
Tembung katrangan liyane: mau, ingkang, kana, mengko, tau, mesthi, lsp.
5.        Tembung sesulih ( Kata Ganti )
Yaiku sakabehing tembung kang kanggo nyulihi utawa ngganti jeneng barang utawa wong supaya ora bola-bali nyebut jenenge barang utawa wong mau.
Tembung sesulih bias kaperang dadi telung werna:
a. Tembung sesulih wong kapisan (aku, ingsun, kula, abdi dalem, lsp.)
b.Tembung sesulih wong kapindho (dheweke, kowe, sampeyan, sliramu, lsp.)
c. Tembung sesulih wong katelu (dheweke, panjenengane, iku, kuwi, apa, sapa, ku, mu, lsp.)
6.        Tembung wilangan ( Kata Bilangan )
Yaiku tembung kang mratelakake gunggunging barang,jumlah barang utawa cacahe barang.
Tuladha: siji, loro, seprapat, kapisan, kapindho, sepira, lsp.
7.        Tembung ancer-ancer ( Kata Depan )
Yaiku sakabehing tembung kang dianggo nuduhake utawa ancer-ancer sawijining panggonan utawa karep.
Tuladha:
a.  Bapak tindak menyang Semarang.
b.  Sujita saiki manggon ing Ngadireja.
Tuladha liyane: saka, ing, karo, tumrap, marang, kanthi, saha, lsp.
8.             Tembung panggandheng ( Kata sambung )
Yaiku sakabehing tembung kang nyambung ukara siji lan sijine ing ukara rangkep utawa ukara camboran.
Tuladha:
a.  Bapak lagi maos Koran, dene Ibu ndondomi klambi.
b.  Adhine pinter, nanging kangmase bodho banget.
c.  Sabubare ngaso sapisan, banjur bocah-bocah padha mulih.
Tuladha liyane: sarta, lan, kajaba, jalaran, sabab, marga, awit, malah, lsp.
9.             Tembung panyeru/panguwuh. ( Kata Seru )
Yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa gumun, lsp.
Tuladha: adhuh, ah, eh, lho, nah, wah, lha, kok, hus, lsp.
10.         Tembung panyilah (kata sandhang)
Yaiku tembung sing dianggo nyilahake patrap, barang, bab, utawa liyane (kata sandang).
Tuladha:
a. Si Suta lan si Soma mlaku bebarengan.
b. Sri Sultan misuwur kabecikane.
Tuladha liyane: raden, sang, Hyang,lsp


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap