Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2020

Jinising Tembung

1.         Tembung aran (kata benda) Yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae   kang dianggep barang. Tuladha: pari,Haryadi, sapi, Merapi, meja, lsp. 2.         Tembung kriya (kata kerja)       Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.      Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp. 3.         Tembung kaanan ( kata Sifat ) Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang. Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas, adhem,   sesak, resik, reged, lsp. 4.         Tembung katrangan ( Kata Keterangan ) Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung aran. Tuladha: a.   asune mlayu banter. b.   mangane alon-alon . Tembung katrangan liyane: mau, ingkang, kana, mengko, tau, mesthi, lsp. 5.         Tembung sesulih ( Kata Ganti ) Yaiku sakabehing tembung kang kanggo nyulihi utawa ngganti jeneng barang uta

Parikan Basa Jawa

Parikan   yaiku basa pinathok kang pangrakite nggunakake purwakanthi swara. Paugerane parikan, yaiku : 1)              Kadadean saka rong ukara, dhapukaning ukara nganggo purwakanthi swara. 2)              Saben saukara kadadean rong gatra. 3)              Ukara kang sepisan minangka bebuka, ukara kapindho minangka isine. 4)              Sing saukara kadadean patang gatra, gatra kapisan lan kapindho minangka bebuka, gatra katelu lan kaping pat minangka isine. Tuladha : 1.              Abang-abang ora legi, mampang-manpang jebul ra wani. 2.              Abang-abang ora legi, tiwas magang ora dadi. 3.              Ali-ali mata telu, aja lali mring wajibmu. 4.              Andheng-andheng ana irung, sapa mandeng bisa wuyung. 5.              Bacem kaline, sajake ayem atine. 6.              Bisa nyawang ora bisa nyuling, bisa nyawang ora bisa nyandhing. 7.              Blarak disamperke, omahe cerak ra ngampirke. 8.              Brambang karo jae, lanang wadon

Tembung Kosok Balen Basa Jawa

A Andhap ><   Inggil Andhap asor ><   Deksura Adhem ><   Panas Adil ><   Sawenang-wenang Adoh ><   Cedhak Ageng ><   Alit Agung ><   Asat Akas ><   Lemes Akeh ><   Sathithik Ala ><   Becik Ambang ><   Kelem Amber ><   Asat Amem ><   Grapyak Angok ><   Rob Arang ><   Kereb asat ><   Agung asor ><   Unggul Atos ><   Empuk B Bagus ><   Elek