Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2020

Teks Narasi Tentang Peristiwa Manganan Janjang

Gambar
Teks naratif yaiku teks kang nyritakake kedadeyan utawa kisah sakiwa tengene siswa utawa pengarang. Teks naratif ana kang asipat khayalan nanging uga ana kang asipat aktual utawa kedadeyan sabenere . Kajaba iku, teks naratif duweni maksud kanggo aweh pendhidhikan,menehi ngerti,menehi refleksi, menehi daya imajinasi lan menehi panglipur marang para siswa lan sapa wae wong kang padha maca teks mau. Manut Kamus Besar Bahasa Indonesia “ Teks naratif adalah teks yang tidak bersifat dialog dan isinya merupakan kisah sejarah,deretan peristiwa, dsb” Tuladhane teks naratif : MANGANAN JANJANG     Sedina sadurunge sedhekah bumi Janjang bakul-bakul wis padha mara saperlu nata panggonan. Bakul dolanan bocah, bakul rupa-rupa panganan, bakul sandhangan lan liya-liyane. Yen pinuju sedhekah bumi   dalan tumuju pesareane Mbah Janjang kiwa tengen kebak bakul kaya pasar ngalih enggon.                    Dene warga desa Janjang lan sakiwa tengene padha nggawe jajan lan ambeng kanggo

FOKLORE JAWA ( CERITA RAKYAT )

1. Fabel Yaiku dongeng sing dadi jejering lakon arupa kewan, kang adat tat carane kaya manungsa. Tuladha : a. Dongeng si kancil b. Dongeng peksi glathik c. Dongeng si macan d. Lsp 2. Epos Yaiku dongeng utawa cerita kang nyritakake bab kepahlawanan. Tuladha : a. Epos Ramayana b. Epos Mahabharata c. Epos Pangeran Diponegoro d. Lsp 3. Mithe Yaiku cerita bab mistik / kepercayaan alam ghaib, utawa cerita sing gegayutan karo dewa-dewi. Tuladha : a. Jaka Tarub b. Andhe-andhe lumut c. Nyi roro kidul d. Lsp 4. Legendha Yaiku dongeng kang gegayutan karo dumadine alam kang ceritane mung digathuk-gathukake. Tuladha : a. Dongeng Bledug Kuwu b. Dongeng Rawa Pening c. Dongeng  Tangkupan Perahu d. Lsp

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR Anggitanipun Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV. ( Pada 1 ) Kang sekar pangkur winarna lelabuhan kang kanggo wong ngaurip ala lan becik puniku prayoga kawruhana adat waton puniku dipun kadulu Mmiwah ta ing tata karma den kaesthi siyang ratri. Terjemahan bebas mawa basa jawa : Piwulang kang   kaemot mawa tembang pangkur, prayogane kokmangerteni, bab pangabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga dimangerteni adat lan aturan, saben dinane aja padha nglalekake tata krama, awan lan bengi. Terjemahan bebas basa Indonesia: Nasihat ini dimuat dalam tembang pangkur, seyogyanya kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kamu ketahui. Pahami pula adat dan aturan,serta siang malam jangan kau lupakan tata karma tersebut. Tegese tembung : Sekar : tembang Winarna : rupane,wujude Lelabuhan : jasa,kabecikan,pengabdian Prayoga : luwih becik Kawruhana