Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2020

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap

Dasa nama asale saka tembung dasa = sepuluh, lan nama = jeneng. Dasa nama tegese jeneng pirang-pirang kang tegese padha utawa meh padha (jenenge liya). A. Abang : abing, mbranang, mbrining, merah, jingga, dhadu, rekta, abrit, mirah. Akal : budi, utek, budaya, nalar, reka, pikir, angen-angen Akeh : akwèh, kèh, kwèh, ripah, gung, agung, waha. Aku : amba, ingong, ingwang, ulun, ingsun, kawula, patikbra, manira, robaya, ketenggong. Ala : dur, durta, juti, durstha, dusta, kunjana, durniti, durlaksana. Alas : wana, bana, tarataban, girang, lirang, utan, baga, wulusan, welahan, wanawasa, wanadri, jenggala, kenana,wanantara. Alem : astawa, alembana. Alis : drasthi, rasthi, siratmaja, hening, dahya.imba Alis : imba Allah : Hyang Widhi, Hyang Manon, Hyang Maha Kawasa, Hyang Maha Asih, Hyang Maha Agung, Hyang Murbeng Jagad, Hyang Maha Adil, Hyang Akarya Jagad, lsp. Alus : mredu, wredu, mardawa, wèdi, widigda, sudha, tanu. Ambegan : napas, huswa, swasa, huswasa.