Legendha Asal-usule Blora
FOKLORE JAWA (
CERITA RAKYAT )
1. Fabel
Yaiku dongeng sing dadi jejering lakon arupa kewan, kang adat tata carane kaya manungsa.
Tuladha :
a. Dongeng si kancil
b. Dongeng peksi glathik
c. Dongeng si macan
d. Lsp
2. Epos
Yaiku dongeng utawa cerita kang nyritakake bab kepahlawanan.
Tuladha :
a. Epos Pangeran Diponegoro
b. Epos Mahabharata
c. Epos Ramayana
d. Lsp
3. Mithe
Yaiku cerita bab mistik / kepercayaan alam ghaib, utawa cerita sing gegayutan karo dewa-dewi.
Tuladha :
a. Jaka Tarub
b. Andhe-andhe lumut
c. Nyi roro kidul
d. Lsp
4. Legendha
Yaiku dongeng kang gegayutan karo dumadine alam kang ceritane mung digathuk-gathukake.
Tuladha :
a. Dongeng Bledug Kuwu
b. Dongeng Rawa Pening
c. Dongeng Tangkupan Perahu
d. Dongeng Asal-usule Blora
Tuladhane Legendha 1 :
ASAL-USULE BLORA
Miturut critane rakyat Blora iku dumadi saka tembung belor. Tegese endhut (Lumpur). Tembung belor saya suwe dadi mbeloran lan akhire nganti saiki katelah kanthi sebutan Blora. Yen dirunut kanthi cara etimologi (asal usule tembung) Blora asale saka tembung wai lan lorah. Wai tegese banyu lan lorah tegese jurang utawa lemah endhek (ledhok). Ing basa Jawa aksara w bisa lira liru karo akasara b tanpa ngowahi tegese, saengga jumbuh karo kemajuane jaman mula tembung wailorah dadi bailorah. Saka bailorah dadi balora lan akhire dadi Blora. Cethane, jeneng Blora iku tegese lemah endhek mbanyu. Bab iki jumbuh karo lemah ngendhut.
Kraton Pajang ora suwe amarga ditelukake Kraton Mataram kang punjere ing Kutha Gedhe Ngayogyakarta. Nalika iku Blora kalebu tlatah Mataram sisih wetan / Brang Wetan. Nalika jaman Pakubuwana I (1704-1719) tlatah Blora diparingake putrane kang sinebut Pangeran Blitar kanthi gelar Adipati. Nalika Mataram ana ing panguwasane Paku Buwana II ( 1727-1749) dumadi pambrontakan kang dipandhegani dening Mangku Bumi lan Mas Said. Mangku Bumi kasil ngregem Sukawati, Grobogan, Demak, Blora lan Ngayogyakarta. Wusanane Mangku Bumi dadi raja ing Ngayogyakarta.
Wiwit jaman Pajang nganti jaman Mataram Kabupaten Blora minangka laladan kang penting tumrape peprentahan pusat kerajaan, amarga Blora kondhang alas jatine. Blora wiwit owah setatus dadi daerah kabupaten nalika dina Kemis Kliwon tanggal 2 Sura tahun Alib 1675 utawa 11 Desember 1749 Masehi kang nganti saiki sinebut minangka ‘HARI JADI KABUPATEN BLORA’. Dene bupati kang pisanan yaiku Wilatikta. Mula dadia pangeling-eling wae tumrap para siswa, yen saben tanggal 11 Desember iku ing kutha Blora asring dianakake Kirab Budaya Kabupaten Blora kanggo mengeti dumadine kutha Blora.
(Kapethik lan kajarwaake saka internet KPDE
Pemkab Blora)
ASAL-USULE NAMA GAGAK RIMANG
Ana ing wewengkon Blora nama Gagak
Rimang wis ora aeng maneh. Ana salah sawijining Stodio Radio kanthi Nama Gagak
Rimang. Malah terminal bis ing kabupaten Blora uga diwenehi nama Gagak Rimang.
Tembung Gagak Rimang iku sejatine nama sawijining
jaran kang dadi tunggangane Bupati Jipang Panolan yaiku ADIPATI HARYA
PENANGSANG. Dene jaran nganti diwenehi
jeneng Gagak Rimang iku ana caritane.
Ana
sawijining nom-noman kang aran Riman, Riman iki putrane Soreng Pati panggedhe
saka Desa Kasiman. Ing sawijining dina
Riman ngajak lelungan Rara Swari kekasihe, ya putrane Soreng Rana (panggedhe
saka desa Bathokan) kang isih sapaguron karo Soreng Pati. Sawise Riman lan Rara
Swari lunga, Siman lan ramane Soreng Rangkut panggedhe saka desa Sambeng teka
ing Bathokan. Soreng Rangkut uga isih sapaguron karo Soreng Rana yaiku meguru
bebarengan marang Ki Gedhe Senori.
Wigatine rembug Siman lan ramane nembung marang Soreng Rana yen arep nglamar
marang putrine yaiku Rara Swari. Nanging wis kebacut lunga karo Riman. Wusanane
Siman nggoleki Rara Swari lan Riman.
Nalika
lunga saka Bathokan Riman lan Rara Swari numpak jaran duweke Riman. Jaran iki ulese ireng mulus.
Amarga pancen ora ana sedya kang enggal dituju,
mula lakune jaran mung satitahe. Ora dinyana lan dikira ing burine wis kasusul tekane Siman
kang nggoleki kekarone. Siman muntab atine meruhi Riman
karo Rara Swari lagi mlaku bebarengan. Ringkesing cerita Siman lan Riman
wusanane dadi bandayuda utawa perang tanding. Riman tumekane pati amarga Siman
kabiyantu dening bapake. Semono uga nalika Soreng Pati meruhi anake mati,
dheweke ora narimakake, wekasane Siman uga mati ing tangane Soreng Pati. Nalika
lagi perang rame jarane Riman mbedhal lunga saparan-paran.
Kocap kacarita nalika samono Harya Penangsang lan Patihe, kang
asma Mentaun nembe bebadra (mlaku-mlaku) ana laladan Jipang-Panolan ing sisih lor, ana ing satengahing ara-ara
kang jembar lan nedheng-nendhenge thukul suket kang ijo, ing kono Harya
Penangsang priksa ana sawijing jaran kang lagi nyenggut suket. Banjur jaran iku
mau diparani nanging ora mlayu
malah nyedhaki marang Harya
Penangsang, lulut ora rewel, malah kaya-kaya jaran mau kepingin ditumpaki
dening sang Adipati. Sanalika Sang Adipati pindhah anggone nitih jaran. Ana ing
sadhuwure gegere jaran iki sang Adipati Harya Penangsang malah tambah katon
gagah lan merbawani, mula ing batin Sang
Adipati kepingin weruh sapa sejatine sing kagungan jaran iki. Kanggo
pangeling-eling ing papan kang dadi panggonane jaran kang ireng kaya manuk
gagak mau, katelah desa Gagakan.
Sawetara wektu sang Adipati nggoleki sapa kang duwe jaran
mau, tindake arah mangetan, lan ngalor,
wekasane kepethuk wong papat kang lagi padha meneng mikirake kadadeyan kang
mentas wae kelakon, wong papat mau yaiku Ki Gedhe Senori, Soreng Pati, Soreng
Rangkut, lan Soreng Rana. Katelu Soreng mau lagi wae padha ditinggal mati
putrane dhewe-dhewe. Nalika weruh jarane
Sang Adipati, Soreng Pati langsung muntab, ngadeg lan nyerang marang Harya Penangsang kang
dikira ngrampok jarane anake. Sanajan kabyantu dening sadulure sapaguron kabeh,
tetep ora bisa ngalahake Harya Penangsang. Kanthi ngobahahe tangane wae wong
telu mau wis kontal.
Wekasane
padha mangerteni sapa kang ana ing ngarepe kuwi yaiku Gusti bupatine dhewe.
Nalika Harya Penangsang ndangu sapa kang
kagungan jaran iki, sanalika dijawab bebarengan “ Punika Turangganipun
Riman. Krungu jawaban kaya mengkono iku Sang Adipati kalegan atine.
Mula jaran kang saiki dadi titihane iku
diwenehi jeneng “GAGAK RIMAN”. Amarga jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk
gagak lan sing duwe Riman. Ana ing
sabanjure nyebut gagak riman kuwi rada kangelan wekasane akeh kang nyebut
“GAGAK RIMANG”.
Hangaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan menggah atur Kawruh Basa Jawi ingkang estu estu damel remening penggalih para Dwija kados kula . Mugi Gusti ingkang Maha Asih tansah hangganjar wilujeng dhumateng panjenengan.
BalasHapusSalam Taklim Kula - Muh Nurdin Warsito,S.Pd - dwija Basa Jawi SMP Muhammadiyah 1 Surakarta