TEMBUNG LINGGA LAN TEMBUNG ANDHAHAN
1. Tegese Tembung a. Tembung yaiku kumpulane wanda-wanda kang nduwei teges kang ganep. ( ana ing basa Indonesia : kata ) Tuladha : cukur,nggambar,nulis,pamulangan,kekembangan,gong,reng lan sapanunggalane. b. Wanda yaiku kumpulane aksara sing mujudake swara sakecap ( ing basa Indonesia : suku kata ) Tuladha : cu,kur,gam,bar,nu,lis lan sapanunggalane. c. Aksara utawa huruf iku ana loro yaiku : 1) Aksara swara ( vokal ) : a,i,u,e,o 2) Aksara sigeg utawa mati ( konsonan ) : b,c,d,f,g,h,j,k,l lan sapanunggalane utawa aksara saliyane aksara swara. d. Ukara yaiku kumpulane tmbung-tembung kanthi paugeran lan nduweni teges ganep. ( ana ing basa Indonesia : kalimat ) Tuladha : 1) Margiyanti nandur kembang. 2) ...