Contoh Saloka dalam Bahasa Jawa Sehari-hari







Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake wonge.
Tuladha Saloka :
v   Asu belang kalung wang
tegese wong asor nanging sugih (dhuwit,raja brana)
v   Asu gedhe menang kerahe
tegese wong kuwasa (gedhe,pangkat) yen prekaran karo wong cilik, senajan sing bener wong cilik,lumrahe di menangake wong gedhe.
v   Bathok bolu isi madu
tegese wong asor nanging sugih kaluwihan ( pinter )

Baca juga : contoh paribasan dalam Bahasa Jawa

v   Bebek mungsuh mliwis
tegese wong pinter memungsuhan karo wong pinter nanging sing siji luwih ubet
v   Gagak nganggo lare merak
tegese wong ora duwe tindak niru-niru kaya wong gedhe (sugih)
v   Iwak klebu ing wuwu
tegese kena paeka (nemu bebaya kang wis ora bisa ngoncati maneh)
v   Jati ketlusupan ruyung
tegese golonganing wong apik klebong wong ala
v   Kawuk ora weruh marang selirane
tegese nacat liyan nanging ora ngerti yen dhwewke luwih sugih cacat 
v   Kebo nusu gudel
tegese wong tywa njaluk warah marang wong kaprenah enom

Baca juga : contoh bebasan dalam Bahasa Jawa

v   Kemladeyan ngajak sempal
tegese sanak sedulur kang ngajak marang kerusakan
v   Kethek saranggon 
tegese wong kang sasanak sedulure dadi wong ala kabeh
v   Mburu uceng kelangan deleg
tegese ngarah barang sepele kelangan barang kang gedhe(luwih aji)
v   Nebu sauyun
tegese wong apik nunggal golongan rukun dadi siji
v   Palang mangan tandur
tegese wong kang di pitaya ngreksa samubarang,wekasane malah ngrusak rereksane.
v   Timun wungkuk jaga imbuh
tegese wong bodho kanggone mung samangsa ana kekurangan mung kanggo serep

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap