Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur


SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR
Anggitanipun Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV.

( Pada 1 )
Kang sekar pangkur winarna
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
Mmiwah ta ing tata karma
den kaesthi siyang ratri.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Piwulang kang  kaemot mawa tembang pangkur, prayogane kokmangerteni, bab pangabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga dimangerteni adat lan aturan, saben dinane aja padha nglalekake tata krama, awan lan bengi.

Terjemahan bebas basa Indonesia:
Nasihat ini dimuat dalam tembang pangkur, seyogyanya kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kamu ketahui. Pahami pula adat dan aturan,serta siang malam jangan kau lupakan tata karma tersebut.

Tegese tembung :
  1. Sekar : tembang
  2. Winarna : rupane,wujude
  3. Lelabuhan : jasa,kabecikan,pengabdian
  4. Prayoga : luwih becik
  5. Kawruhana : ngertenana
  6. Adat : tata cara kang lumrah
  7. Waton :pathokan,paugeran
  8. Kadulu : dideleng,diweruh
  9. Miwah : lan,tur,meneh,karo
  10. Den kaesthi : maksud,karep,niyat,kang dituju
  11. Saying ratri : awan wengi

( Pada 2 )
Deduga lawan prayoga
myang watara reringa aywa lali
iku parabot satuhu,tan kena tininggala
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
angucap meneng myang nendra
duga-duga aja kari.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Aja padha nglalekake, akeh sithik padha jubriya, amarga iki kabeh ora kena dilalekake,embuh iku nalika isih melek, lungguhan,tangi,turu,mlaku,meneng, ngomong,lan nalika turu, kabeh iku aja nganti nglalekake nalar lan pikiran .

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia:
Jangan kau lupakan pertimbangan tersebut,boleh sedikitcuriga karena hal itu merupakan keharusan yang tidak boleh kamu lupakan, baik ketika sedang terjaga,duduk,bangun,maupun berjalan,diam,berbicara,maupun tidur, jangan lupakan nalar dan pikiranmu.

Tegese tembung :
1.    Deduga : duga-duga,pangira
2.    Myang : menyang
3.    Watara : kira-kira
4.    Reringa : kanthi ngati-ati
5.    Aywa lali : aja lali
6.    Parabot : piranti, alat
7.    Satuhu : tenan,perlu
8.    Tan kena : ora kena
9.    Tininggala : ditinggal
10. Nendra : turu

( Pada 3 )
Miwah ta sabarang karya
ing prakara gedhe kalawan cilik
papat iku datan kantun
kanggo sadina-dina
rina wengi neng praja miwah ing dhusun
kabeh kang padha ambegan
papat iku aja lali.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Mangkono iku dadi lelimbangan perkara papat ing prakara gedhe lan cilik aja nganti kolalekake,kudu dilakoni saben dinane, awan lan bengi,ing kutha lan ing desa, kabeh iku kanggo manungsa kang duweni napas/urip.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Demikian pula pertimbangan empat perkara dalam segala hal baik yang besar maupun yang kecil jangan kau lupakan, terapkan sehari-hari, siang atau malam, dikota maupun didesa.hal ini berlaku bagi semua makhluk yang bernafas/kehidupan.

Tegese tembung :
  1. Sabarang karya : sembarang gawe
  2. Prakara : masalah,urusan
  3. Kalawan : lan
  4. Kantun : keri
  5. Praja : kutha
  6. Miwah : lan

( Pada 4 )
Kalamun ana manungsa
tan anganggo ing duga lan prayogi
iku watake tan patut
awor lawan wong kathah
degsura ndaludur tan wruh ing edur
aja sira pedhak - pedhak
nora wurung neniwasi.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Upama ana manungsa kang nglalekake nalar/pikiran, iku ora becik utawa ora patut ngumpul marang wong akeh kang becik nalare, aja kok cedhaki wong sing ora ngerti adat lan kang mung manut kekarepane dhewe, wong kang kaya mangkono iku bakal gawa karusakan.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Jika ada manusia yang melupakan pertimbangan nalar,itu tidak patut berbaur dengan orang banyak. Janganlah kau dekati orang yang tidak tahu adat dan hanya menuruti kemauanya sendiri karena orang seperti itu akan membawa kehancuran.

Tegese tembung :
1.    Kalamun : lamun,yen
2.    Tan patut : ora pantes
3.    Degsura : kurang ajar,jahat
4.    Ndalulur : terus nekad
5.    Tan wruh : ora weruh
6.    Edur : ala
7.    Pedhak-pedhak : cedhak-cedhak
8.    Ora wurung : bakal,arep,sida
9.    Neniwasi : ora kebeneran,ngrugekake,mbebayani


( Pada 5 )
Pan wus watake manungsa,
pan ketemu ing laku lawan linggih
solah muna muninipun
pan dadi panengeran
ingkang pinter kang podho miwah kang luhung
kang sugih lan kang melarat
tanapi manungsa singgih.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Titikane tindak tanduk utawa perilaku iku bisa dingingeti lumantar carane mlaku lan lungguh, tindak tanduke lan cara ngomonge,sanajan wong mau ora pinter utawa bodho,duweni drajat dhuwur utawa cendhek, sugih lan miskin/mlarat.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Ciri perilaku manusia itu tampak dari bagaimana caranya berja;an dan duduk, tindak tanduk dalam berbicara. Meskipun orang itu pandai atau bodoh, berderajat tinggi atau hina  kaya atau miskin.

Tegese tembung :
  1. Pan wus : pancen wis
  2. Muna muninipun : omongane
  3. Panengeran : tetenger,tandha
  4. Luhung : dhuwur,linuwih
  5. Tanapi : lan,uga, ananging
  6. Singgih : inggih,iya

( Pada 6 )
Ulama miwah maksiyat
wong kang kendel tanapi wong kang jirih
durjana bebotoh kaum
lanang wadon pan padha
panitike manungsa matege wewategipun
apa dene wong kang nyata
ing pangrawuh kang wus pasthi

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ulama utawa wong nakal/jahat, embuh iku kang wani utawa kang jirih, tukang colong jupuk/maling apadene bebotoh, lanang utawa wadon kabeh duweni watak lan titikan/ciri kang padha.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
     Ulama atau penjahat,pemberani maupun penakut, pencuri maupun bebotoh, atau lelaki maupun perempuan semua memiliki ciri-ciri yang sama.
Tembung angel :
  1. Ulama : pinter babagan agama
  2. Maksiyat : nerak angger-anggering agama
  3. Jirih : wedi
  4. Durjana : maling
  5. Botoh : seneng main


( Pada 7 )
Tinitik ing solah muna
lawan malih ing laku lawan linggih
iku panengeran agung
winawas ginrahita
pramilane ing wong kuna-kuna iku
yen amawas ing sujalma
datan amindho gaweni.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Iku kabeh bisa katon saka tindak-tanduke, cara ngomonge, mlaku, lan lungguhe. Iku titikan/ciri kang gampang dingerteni lan dirasakake. Mulane wong kuna utawa wong biyen arang banget salah manawa mbiji wong liya.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Terlihat dari tindak – tanduk, berbicara, berjalan, dan duduk, itu ciri utama yang mudah diketahui dan dirasakan. Oleh karena itu, orang zaman dulu tidak pernah salah dalam menilainorang lain disekitarnya.
Tegese tembung :
  1. Tinitik solah : dititeni saka solah
  2. Muna : muna-muni, omongan
  3. Panengeran : titikan,tandha
  4. Winawas : diwawas, ditonton, dideleng

Pada 8
Ginulang sadina-dina
wewekane ing basa lan basuki
ing jubriya-kibiripun
sumungah lan sesongaran
mung sumendhe sakarsanira Hyang Agung
ujar sirik kang rineksa
kautaman ulah wadi.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Kabeh iku diupaya/dilakoni saben dinane supayane anggone ujar becik kaprungu, laku kang ora becik disingkiri, ora duweni tindak-tanduk kang ala, kabeh iku mung pasrah marang Gusti, tansah njaga ujar kang ora becik.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Semua itu dilakukan setiap hari agar berbicara baik setiap hari,tingkah lakunya baik, yang jelek dijauhi. Semua itu senantiasa mendekat pada Gusti, agar manusia dapat menjaga tingkah laku yang kurang baik dan yang dicari hanya kebaikan.

Tegese tembung :
  1. Ginulang : diwulang, digulawenthah, didhidhik
  2. Wewekane : ngati-ati, prayitna
  3. Basuki : slamet, rahayu, widada
  4. Jubriya : sujana, ora pati percaya
  5. Kibir : banget ngendel-endelake kaluwihane, mesthekake yen mesthi menang
  6. Sesongaran : gumedhe, sugih omong kang ora ana nyatane
  7. Sirik : emoh, ora gelem, suthik, ora patut
  8.  Rineksa : dirumat
  9. Wadi : rahasia, barang dikeker ora diwedharake marang liyan.

Pada 9
Masa mengko mapan arang
kang katemu ing basa kang basuki
ingkang lumrah wong puniku
dhengki srei lan dora
iren meren dahwen panasten kumingsun
opene nora prasaja
jahil methakil bakiwit

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ing mangsa saiki, angel banget nemokake tindak tanduk kang utama/apik. Umume manungsa ing jaman saiki padha dhengki, srakah/tamak, seneng ngapusi/dora,kesed, seneng meri, seneng maido wong liya, gumedhe,ora jujur,jahil,jubriya, lan ora jujur/curang.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Masa sekarang, sangat sulit menemukan perilaku yang baik, umumnya manusia sekarang itu dengki, serakah,dan pembohong, malas,iri,senang mencela,sombong,tidak jujur,jahil,banyak curiga dan curang.

Tegese tembung :
1. Dhengki : meri marang kabegjane liyan, ora seneng yen liyan oleh kabegjan
2.    Srei : drengki, meri, kumudu-kudu njaluk menang
3.    Dora : goroh
4.    Iren : iri, meri
5.    Panastene : seneng manasi liyan amerga kemeren
6.    Jahil : seneng maeka liyan
7.    Methakil : sugih reka ala
8.    Bakiwit : nakal, urik

Pada 10
Alaning liyan den andhar
ing becike liya kang den simpeni
becike dhewe ginunggung
kinarya pasamuan
nora ngrasa alane dhewe ngendhukur
wong mangkono wewateknya
nora pantes den cedhaki.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Alaning wong liya dikandhakake marang wong akeh, apike wong liya malah disimpen, kaapikan/kaluwihane awake dhewe dibombong/diagul-agulake ing ngarepe wong akeh, ora ngrumangsani yen eleke awake dhewe iku akeh matumpuk-tumpuk. Wong kang kaya mangkono ora patut dicedhaki.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Kejelekan orang lain disebar luaskan, sementara kebaikan orang lain disembunyikan, kebaikannya sendiri disanjung-sanjung dan dibicarakan dalam pertemuan, tidak merasa kejelekannya sendiri bertumpuk. Orang yang bertabiat seperti itu tidak layak kamu dekati.

Tegese tembung :
  1. Den andhar : dicritakake klawan jlentreh
  2. Kinarya : digawe
  3. Pasamuan : paklumpukaning wong-wong, pesta, pakumpulan
  4. ngendhukur : dhuwur, luhur

Pada 11
Iku wong durjana murka
nora nana mareme jroning ati
sabarang karepanipun
sanadyan wus katekan,
arep maneh nora marem saya mbanjur
luwamah lawan amarah
ku kang den tutwuri.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Wong kaya mangkono diarani penjahat kang serakah, ora tau marem atine sanajan kabeh pepinginane wis bisa katurutan, niyat jahate sansaya ndadra lan ora tau mandheg. Iku kabeh mung nuruti hawa nepsu lamawah/srakah lan amarah,seneng nesu/ gampang muntab.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Orang seperti it disebut penjahat serakah, tidak pernah merasa puas meskipun semua keinginannya telah terpenuhi, kemauannya tidak pernah berhenti, malah semaikn menjadi-jadi, menuruti hawa nafsu lawamah dan amarah.

Tegese tembung :
  1. Durjana : wong jahat
  2. Luwamah : hawa nepsu
  3. Amarah : nepsu, kanepson, muring
  4. Den tuti wuri : ditutake mburi


Pada 12
Ing    Ing sabarang solah tingkah
ing pangucap tanapi nyang alinggih
tan suka sor ambegipun
pan lumuh kaungkulan
ing sujalma pangrasane dhewekipun
tan ana kang madhanana
angrasa luhur pribadi.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Kabeh tindak tanduke, nalika ngomong lan nalika lungguh, kekarepane ora gelem dikalahake dening wong liya, ora seneng yen dipadhani wong liya, djeweke ngrumangsani onjo/luwih dhewe tinimbang liyane.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Segala tingkah laku, dalam berbicara maupun duduk, tabiatnya tidak mau dikalahkan oleh orang lain, tidak mau ada yang menyamai, dia merasa dirinya paling tinggi.

Tegese tembung :
1.    Tan suka : ora seneng
2.    Sor : asor, cendhek
3.    Ambegipun : watakipun
4.    Lumuh : sungkan (suthik) tumandang, emoh miturut


Pada 13
Aja nedya katempelan
watek ingkang tan becik tinutwuri
watek rusuh nora urus
tunggal lawan manungsa
dipun sami anglabuhi kang apatut
parapan dadi tuladha
tinula mring wong kang becik

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Aja nganti kowe kapatrapan/kapanggonan samubarang kan ora pantes, amarga tindak tanduk kang angkara murka lan jahat kaya mangkono ora patut diduweki manungsa. Mulane tindak tanduk sing becik saengga dadi tuladha lan panutan ing tembe mburi.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Jangan sampai kau dihinggapi tabiat yang tidak pantas karena perilaku jahat seperti itu tidak patut disandang manusia seyogyanya berbuatlah kebajikan sehingga menjadi suri teladan dan panutan bagi orang lain dikemudian hari.
Tegese tembung :
  1. Nedya : arep, karep, kepengin
  2. Tinutwuri : ditutake wuri (mburi)
  3. Rusuh nora urus : ora nganggo tatanan, ora tata

Pada 14
Aja lunyu lumur genjah
angrong prasanakan nyumur gumuling
ambubuti arit puniku
watak kang tan raharja
pan wong lunyu nora kena dipun enut
monyar manyir tan antepan
dela lemeran puniku

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Dadi manungsa aja seneng ngenggoni watak munafik, seneng goroh,lamis lambene ing pasamuan, amarga watak kang kaya mangkono iku ora bakal nylametake jiwa ragamu, watak kang kaya mangkono aja ditiru, seneng mencla-mencle tetembungane ora maton,watake lemer ngegilane ngaurip lan ora patut seduluran ing masyarakat.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Janganlah bersikap lunyu lemer genjah ( berkata jorok), angrong pasanakan ( suka berselingkuh), nyumur gumuling ( tidak dapat menyimpan rahasia ), dan ambubut arit ( didepan terdengar baik menggerutu dibelakang) karena sifat itu tidak akan menyelamatkanmu, tidak patut kamu tiru. Watak lunyu itu artinya kata-katanya tidak bisa dipegang, tidak punya pendirian sedangkan sifatnya lemer ( mudah tergiur sesuatu ). Hal ini sangat memalukan ketika bergaul di muka umum.

Tegese tembung :
  1. Lunyu : mencla-mencle, ora kena digugu
  2. Lumur : gelas pangomben
  3.  Genjah : ora antepan, ora kena dipercaya
  4. Angrong prasanakan : ngrusak paseduluran
  5. Nyumur gumuling : ngandharake kanthi jlentreh alane liyan
  6.  Ambuntut arit : apik ngarep ala mburine
  7. Monyar-manyir : ora antepan

Pada 15
Para penginan tegesnya
genjah iku cak-cekan barang kardi
angrong pasanak liripun
karem ulah miruda
mring rabine sadulur miwah bebatur
tuwin sanak prasanakan
sok senenga den ramuhi.

Terjemahan bebas mawa  basa jawa :
Manawa duweni pepenginan kudu kelakon lan seneng melik duweking liyan, seneng ngomong elek, gampang kapincut bojone liyan. Kabeh iku kumudu-kudu kalakon.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Jika mempunyai keinginan mudah tergiur sesuatu. Genjah artinya senang berkata jorok, angrong pasanakan artinya senang berselingkuh dengan istri orang, dan jika sudah mencintai istri sahabat atau kerabat harus terlaksana.

Tegese tembung :
  1. Penginan : pepenginan
  2. Cak-cegan : seneng melik
  3. Liripun : upamane
  4. Karen : seneng
  5. Ulah miruda : minggat
  6. Den ramuhi : dipotha-potha, dirujag, ruda peksa      

Pada 16
Nyumur guling linira
ambelawah datan duwe wewadi
nora kene rubung-rubung
wadine kang den umbar
mbuntut arit punika pracekanipun
apener neng pangarepan
nggarathel dumunung wuri.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Nyumur gumuling tegese wong kang bisa nyimpen wadi (rahasia), manawa kaprungu kabar kang durung mesthi benere, cepet-cepet dipun sebar/ dikandhakake marang liyan, tembunge manis sangarepe wonge nanging nggrundel/ngrasani ing tembe mburi manawa ora ana wonge.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Nyumur gumuling artinya tidak dapat menyimpan rahasia, jika mendengar kabar (meskipun sebagian) langsung disebar luaskan, mbuntut arir artinya di awal terdengar baik, tapi menggerutu di belakang.

Tegese tembung :
  1.  Ambelawah : ora katutupan, cetha wela-wela
  2. Wewadi : rahasia, ala
  3. Pracekanipun : pangothak-athike
  4. Apener : bener, apik, pantes, pas
  5. Nggarathel : usil banget tangane, seneng methik tanduran, maeka utawa gawe kapitunane liyan.

  
Pada 17
Sabarang kang dipun ucap
nora wurung amrih oleh pribadi
iku lelabuhan atut
aja nedya anulad
ing wateke kangnem prakara punika
kang sayogya ngupayaa
anglir mastimbul ing warih.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Kabeh sing diomongake mung kanggo kepentingane awake dhewe. Kabeh iku dudu tindak-tanduk kang becik. Aja niru sipat nem ing dhuwur mau, prayogane tumindak kaya dene emas kang tumimbul ing dhuwur banyu. Yen kaya mangkono iku luwih mupangat marang wong akeh. Kanggo tembang candhake, dilambangake kanthi tembang mas, yaiku tembang maskumambang.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Semua yang diucapkannya hanya untuk keuntungan diri sendiri.. hal yang bukan kabajikan yang baik, dan jangan ada yang meniru keenam sifat diatas. Seyogyanya berlakulah seperti emas yang terapung di permukaan. ( Mas tumimbul merupakan isyarat tembang macapat Maskumambang )

Tegese tembung :
  1. Olehe pribadi : nguntungake awake dhewe       
  2. Anulad : niru
  3. Kang nem : sing enem
  4. Sayogya : becike
  5. Anglir : niru
  6. Mas timbul ing warih = (Sasmita tembang Maskumambang) timbul kemambang, warih : banyu.


Komentar

  1. Terimakasih sangat membantu 🙏🏻🙏🏻🥰🥰

    BalasHapus
  2. Kak yang pangkur tema pendidikan ada? Untuk tema pendidikan

    BalasHapus
  3. Terima kasih sangat membantu dalam mengerjakan tugas saya

    BalasHapus
  4. Terimakasih membantu tugas saya

    BalasHapus
  5. Teirama kasih.
    untuk pengetahuan📚

    BalasHapus
  6. Terimakasih ini sang and membantu 😊

    BalasHapus
  7. Cebelapa imut ci aku

    BalasHapus
  8. Aku kaya 🤑🤑🤑

    BalasHapus
  9. Ingfo bewan epep, kalah pindah agama

    BalasHapus
  10. 🥶🥶🥶🥶🥶🥶🥶

    BalasHapus
  11. p
    info separ epep
    one tap

    BalasHapus
  12. Awas sotgan awas sotgan awas sotgan

    BalasHapus
  13. i need more bullet i need more bullet i need more bullet i need more bullet

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap