Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap


Dasa nama asale saka tembung dasa = sepuluh, lan nama = jeneng.
Dasa nama tegese jeneng pirang-pirang kang tegese padha utawa meh padha (jenenge liya).

A.

Abang : abing, mbranang, mbrining, merah, jingga, dhadu, rekta, abrit, mirah.
Akal : budi, utek, budaya, nalar, reka, pikir, angen-angen
Akeh : akwèh, kèh, kwèh, ripah, gung, agung, waha.
Aku : amba, ingong, ingwang, ulun, ingsun, kawula, patikbra, manira, robaya, ketenggong.
Ala : dur, durta, juti, durstha, dusta, kunjana, durniti, durlaksana.
Alas : wana, bana, tarataban, girang, lirang, utan, baga, wulusan, welahan, wanawasa, wanadri, jenggala, kenana,wanantara.
Alem : astawa, alembana.
Alis : drasthi, rasthi, siratmaja, hening, dahya.imba
Alis : imba
Allah : Hyang Widhi, Hyang Manon, Hyang Maha Kawasa, Hyang Maha Asih, Hyang Maha Agung, Hyang Murbeng Jagad, Hyang Maha Adil, Hyang Akarya Jagad, lsp.
Alus : mredu, wredu, mardawa, wèdi, widigda, sudha, tanu.
Ambegan : napas, huswa, swasa, huswasa.
Anak : suta, putra, sunu, yoga, siwi, weka, tanaya, atmaja, siwaya, ja, patut, banu.
Angin : maruta, pawana, lesus, hawa, riwut, bajra, sindhung, bayu, samirana, wirayang,pancawara.
Aran : ngaran, kekasih, panelah, juluk, parab, panengran, wewangi.
Arep : kersa, apti, ayun
Asor : adama, dama, sudra, ina, kumadama, pidak-pedarakan.
Asri : raras, rarasrum, sri, lengeng, lawen, amer, resmi.
Asu : sona, srenggala, basu, anjing, swa, kuwaka, cemera, kicika, purisika, calura.
Ati : manah, panggalih, tyas, driya, prana, kalbu, nala, galih, wardaya, angen-angen, cita, sangka,pranaja
Awak : angga, lingga, badan, diha, dhiri, sarira, salira, raga, tubuh, wanda,lingga.
Awan : rahina, rina, siyang.
Awang-awang : akasa, ambara, antarala, antariksa, awiyat, dirgantara, boma, gagana, tawang, widik- widik, namu-namu, jumantara, udara, ardya.

B.

Bagèkake : nambrama, ngacarani, sambrama.
Bagus : sigit, pekik, respati, jenthara.
Bala : wadya, tantra, bretya, balakuswa, wadyabala, wrahatbala, wadu.
Balung : tosan, tulang, walung, asthika, dalengka, sadhi.
Banget :antya, asru, arda, mandra, lwih, dahat, sakamantyan, tan sipi.
Bangke : mayit, jisim, bathang, kunarpa, kuwanda, sawa, wangke.
Bantal : karangulu, lempir, kajangsirah, suraga.
Banthèng : andaka, nandaka, go, gawindra, gurisa, angun-angun, sarawa, jawidha, gawala,jawi.
Banyu : we, tirta, warih, har, sindu, wayi, tuban, hèr, amerta, arjuna, udaka, sangara, jala, jahni, jahnawi, jahning,ranu,loh.
Bapak : rama, yayah,sudarma, sudarmi, bapa.
Barat : angin, anila, bajra, maruta, pawana, samirana, bayu, sindhung, panca-ura, prabancana, pracandha, prahara, ata, gati, indri, margana, lesus, erawati, pratipa.
Bebaya : bencana, wèsthi, wancana, bema.
Becik : tarma, adi, luhung, yogya, endah, edi, peni.
Beda : benten, waneh, beneh, seje, liya, pae.
Bedhil : sanjata, saragni, brahmastra, mercukala, bahnija, warahas.
Bengi : ratri, dalu, wengi.
Bilahi : tiwas, wèsthi, pringga, durgama, pataka, parjaya, kasmala, pakewuh, pinun, laya, cilaka.
Biyèn : dhihin, dhingin.
Biyung : babu, biyang, rena, ibu, umi, wibi, indhung, darani, puyengan, bibi.
Bledheg : guntur, guruh, bajra, erawatai, gelap.
Bocah : rare, lare, rarya, larya, walaka.
Bodho : goblog, koplo, kepleg, blilu, darma, jugul, kumprung, mudha, pengung, pingging, punggung.
Bojo : garwa, somah, semah, kucumbi, kalulut.
Bumi : bantala, pratala, kisma, pratiwi, buwana, mandhala.
Bungah : bingar, seneng, gembira, suka, bigar, girang, enggar, lalita, harsaya, harsana, trustha, wijah,arsa
Buta : denawa, ditya, diyu, asura, danuja, yaksa, kelana, raseksa, wil.

C.

Cacad :ina, mala, cela, cintra, ceda.
Cacing :wrecita, wrejit, nahuti, lusi,wucita.
Cahya : senen, sunu, sunar, praba, ujwala, sorot.
Candra : rembulan, purnama, wulan, sasi.
Cangkem : lesan, nana, tutuk, waktra, cocot (kasar).
Cangklakan :kelek, goswa, kadakya.
Cekel :sambut, asta, jabat, gegen.
Cèlèng :waraha, wegang, durgangsa.
Clèrèt :kilat, lidhah, thathit, gelap.
Cumbana :among yun, among lulut, among raras, karasikan, pulangsih.

D.

Dalan : ratan, lurung, delanggung, enu, gili, hawan, lebuh, marga, sopana,marga,margi.
Dampar: amparan, padmasana, singgasana, patarana, malige, mèru-padma, palangka.
Dandan : ngadiraga, mandara, busana, tata.
Deleng : dulu, miyat, ngèksi, mulat, satmata, anon, nabpada, ton.
Delik : umpetan, senetan, ampungan, bonglot, umet.
Desa : dhusun, dhukuh, dhekah
Dewa : apsara, apsari, bathara, bathari, dewata, sura, hyang, jawata, widadara, widadari,amara,dorandara.
Dèwi : apsari, bathari, widadari, dewati, sura-wadu, sura-retna, waranggana.
Dhampar : amparan, padmasana, singangsana, palangka, patarana.
Dhewe : priyangga, juga, anggana, pribadi.
Dhuwit : arta, ardana, picis.
Dhuwur : bentar, luhur, punjung.
Dina : ari, wara.
Durjana : duratmaka, dhustha, weri, kunjana, dursila.

E.

Emas : kencana, rukma, rukmi, jene, lancana.
Endah : raras, senen, resmi, listya, wicitra.
Endhas : sirah, mustaka, mastaka, murda, utamangga, kumba, sidhira, ulu, mudangkara,pathak,thothok,kepala.

G.

Gada : dhandha, bisana, lori, dhandhaka, loita, candha.
Gajah : asti, dirada, èsthi, dwipangga, liman, matengga, waniti, gajahmuka, angga,dipa,denta,esthi.
Galak : rota, lodra, krura, pragalba, darna, wiroda,rita
Gaman : senjata, bedhama
Gandewa : danu, laras, langkap, busur, puksana, nusara.
Garagati : kemlandhingan.
Gardaba : kuldhi.
Gawe : yasa, karya, kardi, karti, kirtya.
Gedhe : agung, gora, dhakah, raya, sigrong, murda.
Gendera : dwaja, tengeran, panji, lalayu, sinjang, laga, tandha, daludag, umbul-umbul, rontèk.
Geni : agni, api,, bahni, dahana, brama, pawaka, siking, guna, mreta, brahma, puyika, latu, puya, jata,apyu,pawata.
Getih : rah, ludira, rudira.
Gludhug : guntur, grah, gurnita, pater.
Godhong : ron, rondhan, patra, taru, dhahon, parna.
Gulu : jangga, tenggak, leher, lungaya (lungayan)
Gunem : wuwus, wacana, wicara, ujar, sabda, ngling.
Gunung : giri, aldaka, wukir, arga, prabata, meru, ardi, redi, himawan,ancala,parwata
Guwa : guha, rago, gothaka, giyana, awama, ragu, runggu, susupan, song, padhuhan.

I

Ibu : bitung, biyang, wibi, umi, rena, puyengan,biyung.
Idep : ibing.
Idu : kecoh, ledaka.
Ijo : wilis, ijem.
Ilat : lidhah, jihwa.
Inten : retna, sotya, nila, kumala, manik.
Ireng : kresna, langking, cemani,cemeng.
Irung : grana, nasika, parsana.
Isin : merang, lingsem, mirong, wirang.
Iwak : mina, buron toya, matswa (maswa), ulam.
J.
Jagad : buwana,alam, ndonya, marcapada, janaloka, manuswapada.
Jam : tabuh, pukul, tabèh, gathi, gathita.
Jaran : aswa, wajik, kuda, undhakan, titihan, kapal, turangga,swa.
Jeneng : asma, aran, nama, wewangi, kekasih, jejuluk, peparab, awasta, sesilih, bebisik, tengeran, sambat.
Jogèd : baksa, ngibing, ngigel, mataya, taya, patrayuda.
Jurang : parung, rèjèng, trebis, trejung, sigrong, grong, lembah, kalora, gahana, nadindra.

K.

Kabeh : sanggya, sagung, sawegung, sadarum.
Kacilakan : katriwadhan,kawatgata, pataka, sengkala.
Kalah : asor,kasor,kandhah,kandhih,kawon, kasoran, kalindhih, katitih, keplayu, kengser, kapracondhang, kajodhi, kaseser
Kalajengking : karkala, kiha, mracika, wrisika, wikatha, pracika.
Kali : banawi, loh, lepen, bengawan, nadhi, narmada.
Kanca : kanthi, rowang, rewang, graya, pasaya.
Kancil : palguna, pethangkus, gumira, marguna, wariga, sasa.
Kang : sing, nikang, kanang, ponang, rikatang, rikanang.
Kangen : wulangun, kudhandhangan.
Karep : abipraya, karsa,kayun,niyat,maksud,esthi,cipta,sadya, kapti, arah, angkah, praya, parasdya, kedah, dwistha.
Kasengsem : wulangun, lengleng, manguneng, mangunkung, moneng.
Kasmaran : kasemsem, kayungyun, kedanan, gandrung, wuyung, wulangun, turida.
Katon : kasat mata, keksi, kengis, kasat mripat, kawistara, ketok, kawuryan, kawangwang.
Katon : kawistara, kawuryan, kawangwang, ketok, kasatmata, keksi, kengis.
Kawelasan : wilasa, parimarma, parimirma, runya.
Kawruh : pangawikan, sastra, weda, widya.
Kawuk : menyawak, salira, diksa, miyangga.
Kaya : pindha, kadya, lir, pendah, kadi, yayah.
Kayangan : endralaya, endraloka, endrapada, dewalaya.
Kebo : andanu, mundhing, maesa,misa.
Kemangga : warmata, kyaksa, garagati, gumenggeng, kemamangga
Kembang : kusuma, puspa, puspita, sekar, sari, padma.
Kendel : sudira, darna, nirbaya, nirbita, wani.
Kendhela : kinjeng.
Kepengin : kudhandhangan, mahyun, sambega.
Kepithing : drahi, darika, kamitra, kathira, mindara.
Kereta pedhati : rata, ratangga, wimana, yana.
Keris : curiga, dhuwung, wangkingan, katga, suduk, patrem.
Kesuwur : sumbung, sumbaga, kalok, kaonang-onang, kajanapriya, kasub, kawentar, kombul, kaloka.
Kethek = wre, kapi, munyuk, juris, rewanda, wanara, palwaga, kapila, pragosa,kapiwara.
Kèwuhan : èmeng, kawekèn, kepyan, kepon, keron, kewran, wagugen.
Kidang :arina, sanggira, walgasa, ujung, mrega, saraba, cemuru, wariga,saraba,wariga.
Kidul : dyaha, duksina, daksina, raksira.
Kilat : thathit, laban, lidhah, widyuta, lidha, obar-abir.
Kinjeng : Kipada, trungka, gambyang, trawinggana.
Klabang : kanaba, manggakala, sirsa, sirusapa, sangkatha.
Kobong : geseng, basmi, kawelagar, tunu.
Kodhok : wiyangga, canthuka, pas, wiyung, wrestika, weyangga.
Kombang : bremara, sadpada, madukara, madubrata, pohali.
Konangan : kawadaka, kacengikan, kabikana.
Kondhang : miswuwur, kaloka, kawentar, kasura, kasub, kongas, komuk, kombul, kajanapriya kaonang- onang.
Kongkonan : utusan, duta, caraka, sagnyana, cundhaka, gandhèk, wimbasara.
Kowe : andika, rika, ta, kita, pakenira, sira, pukulun, paduka, pena, dika, pantèn.
Kraton : kedhaton, dhatulaya, pura, puraya, praja, puri, prasada, kadatwan,khadatun.
Kuburan : astana, pasetran, pasarean, makam, patyastana.
Kucing : pusa, kumwangga, kuwikri, posiyang, lindhika.
Kuku : kenaka, tulangsa, umet, pakri.
Kulit : kusika, wacucal, walulang, carma,kumara.
Kuning : pita, jenar, punar, gadhing.
Kuping : talingan, karna, karni.
Kuwatir : sumelang, sandeya, waswita, wancakdriya, mamang, walangati, ganggam, walangkayun, walangkapti, kapita.

L.

Laku : lakwa, laksa, laksana, laksita, caraka, laris, lintang.
Lambe : lathi, kalpija, bibir.
Lan : lawan, kalawan, kalayan, tuwin, saha, miwah, sarta, myang.
Lanang : jalu, jaler, priya, kakung.
Langgeng : baka, lana, anitya, satiti, sanityasa.
Langit : tawang, akasa, jumantara, gegana, wiyati, boma, bomantara, awiyat, widik-widik, dirgantara, byoma, antariksa, ambara.
Lara : sakit, agring, marana, rapuh, roga, gerah, wihara.
Lawang : wiwara, dwara, kori, konten.
Layang : nawala, kintaka, pustaka, patra, walgita, wilapa, serat.
Legi : hartati, madura, sarkara, manis.
Lemah : (idem bumi) siti, kisma, kismaka, pratiwi, bantala, bumija, pratala, maitala, buh,basundari.
Lemes : mredu, mardawa, wredu, lentur, luwes.
Lemut : nyamuk, murinda, muring, jingklong.
Lèng : nanda, wilasita, rong, rago, song, trustha, trusthi, wiwara, guwa, gatra, babahan.
Lindhu : prakempa, lindhung, kampita.
Lingsang : canana, dokara, waringsang.
Lintah : wredu, uta, wreduangga
Lintang : bintang, wintang, sasa, taranggana, kartika, sudama.
Linuwih : linuhung, danuja, dibya, maha, kalana, nindhita, nindya, prameya, narawantah.
Liya : lèn, liyan, beda, manèh, pae.
Lor : utara, untara, nurwitri (lor wetan), narasunya (lor wetan).
Lumaku (mlaku) : lumampah, lumaksana, lumaksita, lumaris, tumindak, lumakswa,lumastari.
Lunga : mentar, mendra, linggar, anis, angles.
Lungguh : lenggah, sila, satata, pinarak.
Lutung : cenguk, budheng, kresnangga, wiruka, anjani, silanjani.
Luwak : lewis, harwaka, lardha.
Luwih : langkung, kalangkung, wi, ti, di, su, kamantyan, dibya, maha, nin, prama, nindya, kamayangan.

M.

Mabur : nglayang, ngambara, muluk, maudara, lawat.
Macan : mong, arimong, arima, singa, sardula, sima, pragalba.
Maling : cora, curi, durjana, dursila, endrajala.
Manèh : malih, manih, maning, muwah.
Mangan : nedha, dahar, boga, bekti, madhang, nadhah.
Mangkene :nihan, kadyeka, nono, ya ta, samangkana.
Manuk : kaga, kukila, paksi.
Marcapada : madyapada, marapada, narapada, janmapada, janapada, janaloka.
Mata : mripat, netra, soca, pandulu, panon, aksi, caksa, caksuh, tingal,aksa,eksi,paningal.
Mati : lalis, antaka, layon, lena,seda,pejah,palastra, pralaya, sirna marga layu, murud ing kasidan jati ,kondur dhateng tepet suci, mancal donya, tilar donya.
Mega : ima, jaladara, irawan, imalaya, kokap, dumaya, imantaka, urur.
Mèlu : nut, anut, tumuntur, dumulur, umiring, tutwuri, tutwuntat.
Mempeng : asreng,kapiadhem, kapatibrata, keseksan, tumembirang, adreng.
Menang : jaya, digdaya, digjaya, wijayanti, wijaya, unggul,sasab,mimpang.
Mendhung : remeng, rumung, dhanu, jaladara, rarabi, ambuda, limud, gana, jaladha.
Meneng : minggu, regu, mona, kapineng.
Menjangan : sangsam, krandhi, canggah, randhi, rusah, wrangga.
Merak :badhak, cohung, manyura.
Meteng : nggarbini, ngandut,ngandheg, maudara.
Mili : umis, drawaya, marawaya.
Miranti : samekta, sangkep, siyaga.
misuwur : kondhang, kaonang-onang, kajuluk, kajala, ndara, kajuwara, kaloka, kongas, kajana priya, kombul, kontab, kasub, kawarti, kawentar.
Mokal : dupara, durantara, asambawa.
Muja : manekung, semèdi, neges, manuswara.
Mulane : dadi, marma, sumarma, sangsipta, marmi, matang.
Mung : anging, juga, kewala, muhung, leheng.
Munggah : sumengka, nungsung.
Mungsuh : satru, ripu, lawan, parangmuka, wèri, durniti.
Murangkrama : calawanthah, murangkrama, narukrama, murangtata.
Muring-muring :kurda, krodha, condha, kotbuta, duka, bramantya.
Murka : srakah, ngangsa-angsa, tamak, angkara, kethatha, dhakah.
Murub : malad, maladi, makara, lumeng, arkara, jwalita.

N.

Nagara : praja, kutha, radya, pura.
Nalika : rikala, sahat, sedheng, duk, kala, dupi, tatkala.
Nanging : anging,anapi, mapan.
Napas : huswa, huswasa, niswasa.
Nempuh : ngambul, angrok, byat, sumèbet.
Nengsemake : birama, lengeng, manoara, manuhara, ragakarana.
Ngadeg :mandhiri, madeg, mandaka, mradeksa.
Ngalem :ngalembana, ngumastawa, manadukara, mudya, galang, muji, ngela-ela, ngastuti.
Ngamuk :gardaka, ngiwung, liwung, mamuk, mawuk.
Nganggit :angiket, angapus, anggupita, angrumpaka, nawunggita, angripta, anggubah, anukarta.
Ngarep-arep :ngarsa-arsa, ngarsi-arsi, marep-arep
Ngenaki :sambrana, maenaka, mahandani.
Ngenani :mranani,angene, manduki, cumundhuk.
Ngesah :angluh, manglah, angsasa.
Nginang :mucang, menang, mawoh, nambuka.
Nginceng :ngincer, nginte, niyangake.
Nglipur :ngimur, ngalimur, ngrarapu, mriyembada.
Ngrengga :miweh, nguparengga, macarana, manupaka, marunggya, ngoswa, sumungga, nawung, mimaha, mandara, karawistha, mangiweh, manukarta.
Ngrintih :ngrengik, ringing-ringih, ngrengih.
Ngrujuki :mangayubagya, manadukara, manaduganda, manobawa
Ngumbara :ngalaya, kalana.
Ngunandika :anggarjita, ngudasmara.
Niliki : maninjo, manambangi, ngendhangi.
Nistha : adama, asor, papa, sampati, kuthip, cuta.
Nom :nèm, anom, mudha, taruna, taruni, anyas.
Nuli : nunten, tandya, nulya, dan, adan, saksana, wawang, reke, samantara, maneher, wangwang.
Nulis :nurat, nyitra, mareka, nitra.
Nyambutgawe :nambutkarya, nambut kardi, ngupa boga, ngupajiwa.
Nyandhak :ngrenggep, rumenggep, nyambut, ngasta.
Nyapa :nambrama, nyenggara, sumapa.
Nyata :yekti, byakta, wyakti, niyata, wèdi.
Nyawa : atma, atmaka, jiwa, badhan alus, yatman, yatmaka, roh, yitma, yimaka, sukma, satmaka.
Nyawang : ndeleng, ndulu, miyat, nupiksa, mriksa, mriksani.
Nyembah :wotsari, wotsinom, wotsekar, nembah, mangenjali, mangarcana, mandrawa, ngaraspada, mangestupada.
Nyunggi : ngemban, mundhi, nuhun.

O.

Olèh :antuk, molih, pakantuk.
Omah :griya, wisma, dalem, suyasa, graha, bale, panti.
Oncat :anglès, lès, linggar, wiwarjita.
Ora :tan, tar, datan, datar, taman.

P.

Padha : samya, kapya, kapwa.
Padhang :prawana, dipa, bawera, lasa,klewang,sabet,candrasa.
Padu : crah, congkrah, sulaya, kekerengan, padudon, padon
Pagawean :pakaryan, pakarti, gawe, ayahan.
Pajangan :patani, pajungutan, tilamrum, jinemrik, mandakiya.
Pakewuh :bancana, bendana, pringga, walangsangker.
Pakurmatan : pangastawa, astuti, panakrama, kastawa.
Pamujan :sanggar, palanggatan, pamelengan, pidikan, wijana.
Pamulangan : pawiyatan, pracabakan, kartawaran.
Panah : jemparing, warastra, astra, bana, naraca, sara
Pandhita : wiku, maharsi, resi, muni, yogiswara, ajar, dwija, dwijawara, mahyeksi, wipra, suyati, begawan
Panengah: pamadya, pamade, wirun.
Pangaji-aji :pudyastuti, pujabrata, pujakrama.
Pangan : bukti, boja, baksa, boga.
Pangarep : pangajeng, pangarsa, pangayun, pramuka, pramugari, kretawadana.
Panggawe :pakerti, kirta, kirti, kirtya.
Panggonan :asana, endon, sasana, sana,loka, laya.
Pantes :yogya, respati, yukti, mungguh.
Panuntun :nayaka, pramugari.
Paprangan : palagan, pabaratan, payudan, rananggana, pasetran.
Para nyai :pawongan, cèthi, paricara, manih, kaka-kaka, kaki-kaki.
Paseban :pasewakan, panangkilan, pasowanan, pancaniti, balerong.
Patamanan :adyana, wedari, mantrasari, sarilaya, mandrakusuma, pijana, taman sari.
Patapan :dhepok, asrama, pamidikan.
Pati :antaka, pralaya, lena, surud, ngemasi.
Patih :nindyamantri, rekyanapatya, mantrimuka, mantriwisesa.
Paturon : pagulingan, papreman, tilam, gupit.
Paweh : wilasa, nugraha, parman, pitedhan.
Pedhed :lawana, lona, kathuka.
Pedhut :lamuk, ampak, limun.
Pendhita : ajar, dwijawara, dwija, wiku, resi, muni, mahamuni, maharesi, maharsi, mahayekti, wipra.
Peni : edi, endah, becik, apik, ngresepake.
Penyu :masiran, ketem, kurma.
Perang : jurit, rana, rok bandawala, laga, bandayuda, pancakara, yuda, pupuh, judhi,brantayuda,tandhing.
Pesthi :yekti, niscaya, istura, tamtu, wastu, byakta.
Pilingan :pilisan, pamidhi, pilis.
Pinggir :tepi, imbang, swamipa.
Pinter : nimpuna, baud, widigda, wasis, wignya, widura, limpad, kartiyasa, lebda,guna,putus,wicaksana.
Piranti :pandaya, wiyasa, wisaya.
Pitutur :darma, warsita, wursita, wasita, warah, wuruk.
Piwulang :warah, wuruk, wiyata.
Polatan :naya, nayana, netya, wanglu.
Pondhokan :sanggraha, kuwu, pakuwon, pasanggrahan, parereman, wangunan.
Prahara :bayu bajra, pancawora, pracanda, riwut, sindhung, aliwawar, pratipa.
Prajurit : bala, wadya, koswa, tantra, wadyanala, bala koswa, balatantra, wrahatbala, sena,wira,prawira,wara,sura,danujaya,narawara,tamtama.
Prameswari : nareswari, narpadayinta, nata dewi, mahisi, sori,dayinta,dayita,narpawadu,bini aji.
Prawan : rara, kenya, dara.
Pucak :agra, gera, cundha, tunga.
Pujangga :kawireja, kawitana, kawindra, yampu.
Pulo :nuswa, nusa, dipa.
Punggawa :nayaka, wadana, pratiwa, prameya, manggala, bretyapati, mantri.
Pupus :pradapa, elung, laksmi, komala, suhun.
Putih :seta, pingul, dawala, kapila, pinge.
Putri :dèwi, duhita, wahini, rini.
Putu :wayah, putraka, wancala.

R.

Rai : pasuryan, praupan, muka, wadana.
Rajabrana :brana, rajatadi, dunya, rajapèni.
Rambut : rikma, weni, keswa, roma, sinom, jatha, (uga ateges siyung),rema.
Rame :atri, ramya, umyung. gumuruh, asrang, gurnita, gumer, gumrek, rumung, sumrek.
Rampung :paripurna, palakarta, palestha, pulasta, labdakarya.
Rase :rasya, julungwangi, widata.
Ratu : aji, dipa, narendra, nararya, naranata, maharaja,raja, nata, narendra, katong, pamase, dhatu, sri pamasa, naradipa, nara,nata, prameswara, narpati, nareswara, buminata, narapatii, naradipati, bumipati, prabu, narpa.
Reca :pratima, arca, bimba.
Rembug :wuwus, ujar, ucap, ling, wacana, wicara, wursita, ngling, gusthi.
Rembulan : sasi, lek, wulan, badra, candra, basanta, kirana, soma,sitaresmi, sitengsu, sitakara, sasadara.
Rerenggan :busana,uparengga, carana, pahyasan, unadi, karawistha.
Rosa :sarosa, daya, prakosa, gagah, baka.
Rungu :piyarsa, rengen,, piyarsi.
Rusak : rabasa, brasta, punah, remak, remuk, rempu, ruk, rurah, swuh.

S.

Sabab :karana, niwanda, nimita.
Sadhiya :rumanti, miranti, siyaga.
Sadulur :kadang, sudara, sagarba, saringan, yadu, warga, wandawa,jalu,sadherek.
Sagara : samudra, jalanidhi, jaladri, tasik, udadi, saganten.
Sakti :yoni, nuraga, wijaya.
Samar :maya, tambung, tidha-tidha.
Sanak :kadang, kadang-kadeyan, bandhu, bandhawa, palibaya.
Sanak sadulur :wandu-wandawa, wanduwarga, wangsa.
Sandhangan : panganggo, busana, agem-ageman, wastra.
Sapi :lembana, andini, andana.
Sarèh :santa, rerem, komala.
Sathithik :sapala, samatra, alpa.
Satriya :danudara, andanawarsih.
Satus :sata, satak, swata.
Saya : sangkin, ngranuhi.
Sayembara : pasanggiri.
Segara : laut, samodra, jaladhian, jaladri, jalanidhi, tasik, udadi, waudadi, arnawa, udaya.
Sembah :astawa, astuti, arcana, bekti, mangenjali, èstu, ngèstupada, wotsari,wotsinom, mangastawa, widya, nadpada.
Sembrana :lirwa, pepeka, pramada.
Semèdi :manungku puja, mangeka pada.
Semu :asmu, èsmu, masmu.
Semut :brekithi, tutsama, kariti, sarawa.
Senapati = senapatya, bathamantri, pramugari, narawara, panglima, bretyapati, hulubalang, gedhigmanggala, manggalaning prang, gegedhuging prang.
Sendhang :bak, lwah, botrawi, warigi, jahning, nastapa.
Seneng : bungah, girang, harsana, sengsem, bagya, sugeng, kapti, trustha.
Sengsem :asmara, sem, turida, carya, sarya.
Sepi :sunja, sunya, samun.
Serik : runtik, gething, sengit, eru, rengu.
Sèwu :saharsa, saiwu.
shedih : susah, dhuhkita, kingkin, sungkawa,margiyuh, rimang, tikbra, turidha, wigena, rudah, rudhatin, rudhatos, ngenes.
Sigeg :ata, atita, data tita, data pitana.
Sih :asmara, manobawa, parimarma, palimirma, wilapa.
Sih-sinihan :karonsih, salulut, prejiwatan.
Sikil : pada, suku, sampeyan, panjenengan, samparan, carana.
Siksa :sapudhendha, wesiasat, wigraha.
Sirah : murda, mustaka, utamangga, kumba, kepala, ulu, thothok, pathak, endhas, raksi.
Sitinggil :sitiluhur, sitibentar, manguntur, balerungga.
Siyung : jatha, jethis, saradala
Slamet : basuki, raharja, rahayu, widada, sugeng, yuwana, wilujeng, waras.
Sorot :kenyar, kirana, kram, ujwala, ujwalita, senen, sunu.
Srengèn :runtik, bendu, bramantya, maringut, rengat, duka.
Srengenge : surya, baskara, bagaskara,arka,bagaspati, asha, rawi, radite, aruna, raditya, pratangga, pratanggakara, pratanggapati, diwangkara (giwangkara).
Suci :jernih, bresih, makening.
Sugih :kaya, drebala, sardana.
Suket :dhukut, kalang-kalang, trena.
Suksma :yatma, yatmaka, yitma.
Sulaya :derganca, salawana.
Sumaput :kantaka, kantu, kapidara, marput.
Sumorot :amyang, dumilah, mradipta, rucitra, supraba.
Sumur :parigi, gustha, andu.
Supaya :darapon, supadya, maran, darapwan.
Surup (wayah) :sandekala, sandyakala, sandyawila, sirem-sirem.
Susah : rudatin, rudita, tikbra, turida, sedhih, kingkin, manastapa, duhka, duhkita, rudah, kung (nahenkung), wigena, galana, sekel, wiyoga, bunek, sungkawa, wiyadi,mirong,ruwida,wirangrong,wingit,kinkin,wuyung,galana,bunek,wiyoga.
Suwarga :endrabawana, kahyangan, nirwana, kadewatan, suraya, suranadi, ariloka, aribawana, endraloka, surabawana.
Suwiwi :paksa, lar, penjawat, lahuyang.
Suwung :napi, namu-namu, wuk, wun.
Swara :sraba, bawa, wakya.

T.

Tali :pusara, apus, bendana, pratisara.
Tamba : jamu, usada, jampi, mausada, mausadi.
Tamèng :puksur, paris, jebeng, kantar.
Tampa :sambut, tanggap, tarima.
Tangan : asta, lungayan, buja, bujaka.
Tangi :bangun, wungu, manindawa, manandra.
Tansah :nityasa, titir, anggung, lana, nitya, lot, manggung.
Tapa : tapabrata, brata, tarakbrata, mati-angga, mati raga, mahas ing asepi, mahas ing asamun.
Tatakrama :kramaniti, parikrama, udanagara, subasita.
Tatu :labet, kanin, brana.
Taun :warsa, warsaya, warsaka.
Tawon :bremara, sadpada, tuskara.
Tegal :talun, pathalunan, medan, setra.
Teja :wangkawa, kuwung, danu, danumaya.
Tekèk :basu, tatmaka, darnita.
Tentrem :rerem, enang,gayeng, santi.
Tetep :lana, langgeng, sasada, lane.
Tikus :wegang, musi, wehyang.
Tilik :tinjo, sambang, lawat.
Tlapukan :pakejèpan, duraksa, anetah.
Tuladha :darsana, kupiya, lupiya, palupi, sudarsana.
Tulis :nerat, citra, carik, sastra, ciri, gurit, lukita.
Tulus :sudarga, widada, sudha.
Tumbak :lembing, waos, watang, sulaka, galah.
Tumungkul :mabukuh, makidhupuh, marikelu.
Tuna :rugi, ruge, nirlaba.
Tunggangan :titihan, wahana, tumangan, wimana.
Tunjung :trate, sarasidya, samawih, kumuda, pakaja.
Turu :tilem, sare, guling, nendra, mrem, supta.
Tutwuri :tutwuntat, lumiring, lumirig, tumular, lumud, tumuntur.
Tuwa :tuha, wredha, sepuh, jimbun.

U.

Udan : riris, jawah, jawuh,warsa, wresti, truh, ratacap, taracah, sra, rarabi, rereb, kremun, darsa, surur,rerep,riris,surur.
Ukum :gedhak-gedhik, sengkung, sengung, garwita.
Ula : taksaka, sarpa, naga, ardawalika, sawer.
Ulat :nitya, naya, liring, wulat, nayana, jaswa, natya, netya.
Uler :wreki, hurta, kramira.
Umbul-umbul :tunggul, dwaja, daludag, juluk-juluk.
Untu : denta, danta, waja, udaka.
Urang :makara, mangkara, pakeng.
Urip :gesang, hidhup, atma, juwita, tuwuh, jiwana, kayun, satmaka.
Utawa :atawa, atanapi, nguniwèh.
Utusan : duta, caraka, cundhaka.

W.

Wadon : wanita, dyah, juwita, wanodya, pawestri, dayinta, rini, putri.
Walang :wancak, anggas, wancal.
Wangi :amrik, arum, sumrik, wida.
Wani :sura, darna, guragadha.
Wanita : wedok, wadon, wanodya, rini, retna, wati, widawati, putri, estri, palwestri.
Waras : mari, saras, waluya, dhangan, pulih, purna, pari purna,mari.
Waringin :mandira, gurda, prih.
Warna :rupa, aneka.
Waskitha :wicaksana, sinangjana.
Waspada :pranawa, prastawa.
Wates :ingan, tata, parimana.
Watu :sela, gilang, parang, kumalasa, padsa.
Wedhus :kambing, dumba, padrawana, medaka, menda.
Wedi :jrih, tres, takut, wiwrin, giris, girisa, ulap.
Wekasan :wasana, puwara,temah,, datatita, iti, anta.
Wektu : wayah, wanci, wekdal, kala, mangsa, ungsum.
Welas :turida, tura, wilasa, kurunya, rudya.
Weruh : uninga, anon, uninga, wrin, udani, wikan, upiksa, upaksi, priksa,wrin.
Wesi :ayah, aya, besi, warani.
Weteng : padharan, garba, udara.
Wetu :wijil, wiyos, wahya, wimba, ja, wurya.
Wicara : ucap, gunem, catur, uni, wicantem, guneman.
Widadari : apsari, hapsari, bathari, dewi.
Windu :Kuntara, Sangara, Sancaya, Adi.
Wit :wreksa, taru.
Wiwit :lekas, gagat, prawita, wurya.
Woh :pala, uma, wilupa.
Wong : janma, jana, jalma, manungsa, manusya, manuswa, tiyang, nara,pawongan,wang.
Wuda :lagna, lagnyana, legena.
Wudel :puser, nabi.
Wuku :diurut : Sinta, Landep, Wukir, Kuranthil, Tolu, Gumbreg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujud, Pahang, Kuruwelud, Mrakèh, Tambir,Medhangkungan,Maktal, Wuye, Manail, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, Watugunung
Wulang : wuruk, ajar, wewarah, wejang.

Y.

Yèn : yan, menawa, bilih, upama, upami, lamun, kalamun.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh