Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh



SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

Anggitanipun Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV.

                                                         ( Pada  01 )
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kelantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya, tindak tanduk kang ora becik kaemot ing sekar gambuh iki, tindak tanduk ala kang ora ana rampunge lan ora ana kendhaline bakal ala asile lan ngrugekake manugsa dhewe.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Semuanya dimuat dalam Sekar Gambuh. Tembang ini memuat perilaku yang tidak teratur dan menjadi perbincangan orang banyak. Jika tidak mau mendenganr nasihat orang lain,semakin lama semakin tidak terkendali, hal ini akan berakibat buruk.

Tegese tembung :
1.      sekar : tembang
2.      catur : papat/omong
3.      cinatur : diomongke
4.      polah : tumindak,perilaku
5.      kelantur : nggladrah,ora teratur,kebacut
6.      tanpa tutur : ora nganggo diomongi
7.      katula-tula katali : tansah nandhang cilaka
8.      kadaluwarsa : kebacut
9.      katutuh : didakwa,kapaido
10.  kapatuh :kaanggep,katletuh
11.  pan : rak,jer, nanging,mung


                                                          ( Pada  02 )
Aja nganti kebanjur
barang polah ingkang nora jujur
yen kebanjur kojur sayekti tan becik
becik ngupayaa iku
pitutur ingkang sayektos.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Aja nganti manungsa iku kulina nglakoni samubarang kang ora jujur, yen wis kasep/kebanjur bakal gawe cilaka. Mesthi wae iku ora becik. Mangka saka iku pra manungsa supaya mbudidaya ajaran/paugeran kang sejati.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Jangan sampai terlanjur terbiasa dengan tingkah polah yang tidak jujur, jika sudah terlanjur akan mencelakakan diri sendiri, hal itu tidak baik. Olaeh karena itu berusahalah mencerna ilmu yang sejati.  

Tegese tembung :
1.      Nora : ora
2.      Kojur : nemahi cilaka
3.      Sayekti : sanyata,temenan
4.      Ngupaya : golek,ngreka
5.      Sayektos : sayekti,bener

                                               
( Pada 03 )
Pitutur bener iku
sayektine kang iku tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ajaran/piwulang kang bener iku wajib dianut/ditiru, senajan ajaran iku asale saka wong pidak pideran( kaum rendah,miskin,pangkate cilik), nanging yen ajaran utawa piwulang iku mau becik,patut ditiru.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Ajaran yang benar itu patut diikuti, meskipun berasal dari orang yang rendah derajatnya, namun jika baik ajarannya, maka ajaran tersebut pantas diterimanya.

Tegese tembung :
  1.  Pitutur : nasehat
  2. Apantes : ora pantes
  3. Sudra : papa, asor, nistha, ora duwe
  4. Papeki : sembrana,kurang ngati-ati, sengsara
  5. Lamun : manawa
  6. Wuruk : mulang, ngajari

                                                         ( Pada 04 )
Ana pocapanipun
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan esthi
adiguna ula iku
telu pisan mati samyoh.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ana unen-unen /paribasan kang unine adigang adigung adiguna, adigang/kekuatan dilambangake kewan kidang, adigung/kaluhuran dilambangake gajah kewan kang gedhe, adiguna /mupangat/kegunaan dilambangake ula. Nanging telu-telune mati bareng.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Ada kiasan yang berbunyi adigang,adigung,adiguna: adigang kiasan kijang, adigung kiasan gajah, dan adiguna kiasan ular. Ketiganya mati bersamaan.

Tegese tembung :
  1. Pocapan : ucapan, paribasan
  2. Adigang : ngendel-ngendelake kekuatan ( kidang )
  3. Adigung : ngendelake keluhurane/derajat ( gajah )
  4.  Adiguna : ngendelake kapinterane ( ula )
  5.  Esthi : gajah
  6.  Sampyoh : bareng


                                                         ( Pada 05 )
Sikidang umbagipun
ngendelaken kebat lumpatipun
pan si gajah ngendelaken gung ainggil
ula ngendelaken iku
mandine kalamun nyakot

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Kidang minangka kewan kang banter playune, gajah angkuh amarga awake gedhe dhuwur, ula angkuh amarga upase/ racun yen nyakot.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Tabiat si kijang adalah menyombongkan kecepatn berlari,si gajah menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar, sedangkan si ular menyombongkan bisanya yang ganas jika menggigit.

Tegese tembung :
  1. Umbag : watak,rumangsa luwih
  2. Kebat : banter


                                                         ( Pada 06 )
Iku upamanipun
aja ngendelaken sira iku
suteng  Nata iya sapa kumawani
iku ambege wong digung
ing wasana dadi asor.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Iku kabeh mug unen-unen. Aja angkuh lan congkak amarga saka trah raja/bangsawan.duwe panggangep ora ana wong liya kang wani marang dheweke. Iki kabeh tingkah laku adigung/sombong. Kaya mangkono bakal ngasorake drajatmu dhewe.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Itu semua hanya perumpamaan, janganlah kau menyombongkan diri karena dirimu keturunan putra raja sehingga merasa tidak mungkin ada yang berani, itu tabiat yang adigung, ujung-ujungnya merendahkanmu sendiri.

Tegese tembung :
1.      Sira : awakmu
2.      Suteng : suta + ing : suta : anak
3.      Nata : raja
4.      Ambeg : watak
5.      Wasana : akhire
6.      Asor : ala


( Pada  07 )
Adiguna puniku
ngandelaken kapinteranipun
samubarang kabisan dipundheweki
sapa pinter kaya ingsun
togging prana nora enjoh

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Watak adiguna iku wong kang sombong amarga kapinterane, kabeh kapinteran kang ana iku, rumangsa duweke dhewe. Kabeh wong dianggep ora bias apa-apa. Ing mangka wusanane dheweke mala ora bisa apa-apa/ ketok bodhone.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Watak adiguna adalah menyombongkan kepandaiannya, seluruh kepandaian adalah miliknya. Dalam hatinya berkata, “ siapa yang bisa seperti aku ?” padahal akhirnya mereka sendiri justru tidak sangup melaksanakannya, mereka tidak bisa apa-apa.
Tegese tembung :

1.      Samubarang : sakabehe
2.      Kabisan : kapinteran, ketrampilan
3.      Dheweki : diaku, diduweni
4.      Ingsun : aku
5.      Togging : jero
6.      Prana : ati
7.      Enjoh : bisa, saged


                                                            ( Pada  08 )
Ambek digang puniku
angungasaken kasuranipun
para tantang candala anyenyampahi
tinemenan boya purun
satemah dadi geguyon.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Watak adigang yaiku watak kang ngendelake kekewatane. Kabeh wong ditantang lan dijak gelutan. Nanging menawa wong kang ditantang mau wani, dheweke malah wedi dhewe. Kabeh iku malah dadi dhagelan kang ora lucu/diguyu wong akeh amarga konyol.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Tabiat orang adigang adalah menymbongkan keperkasaan dan keberaniannya, semuanya ditantang berkelah,bengis, dan suka mencela. Namun,jika benar-benar dihadapi, mereka tidak sanggup melawan, bahkan jadi bahan tertawaan karena kekonyolannya.

Tegese tembung :
1.      Kasuranipun : kewanen, kekendelan
2.      Tandang : tumindak
3.      Candhala : tumindak ala utawa elek
4.      Anyemnyampahi  : moyoki
5.      Tinemenan : ditenanani
6.      Pecus : bisa, pinter
7.      Satemah : wusanane

                                                            ( Pada 09 )
Ing wong urip puniku
aja nganggo ambek kang tetelu
anganggowa rereh ririh ngatiati
den kawang-kawang barang laku
den waskitha solahing wong.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Wong urip iku aja nganti nglakoni barang tetelu wau (adigang adigung adiguna). Duwe watak kang sabra lan ngati-ati. Kabeh tindak tanduk kudu dikendhaleni. Tingkah lakune wong liya kang becik iku patut ditiru, sing ala disingkiri.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Dalam kehidupan, jangan kamu kedepankan tiga tabiat tersebut, berlakulah sabra,cermat, dan hati-hati. Perhatikan segala tingkah laku, teladani segala perilaku orang lain.

Tegese tembung :
1.      Rereh : sareh, lerem
2.      Ririh : ati-ati, alus
3.      Den : yen, di
4.      Kawangwang : katon, ketok
5.      Waskhita : ngerti
6.      Solahing : tindak-tanduk

                                                            ( Pada 10 )
Dening tetelu iku
si kidang suka ing panitipun
pan si gajah alena patinireki
si ula ing patinipun
ngedelken upase mandos.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Saka tuladha kewan telu mau, kidang mati amarga kasenengane,gajah mati amarga lena, ula matine amarga kentekan upas/racun.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Dari ketignya itu,  si kijang mati karena kegembirannya, gajah mati karena keteledorannya, sedangkan ular mati karena keganasan bisanya.

Tegese tembung :
1.      Alena : kurang ati-ati
2.      Pandos : mandi, manjur


                                                            ( Pada 11 )
Tetelu nora patut
yen tiniru mapan dadi luput
titikane wong anom kurang wewadi
bungah akeh wong kang ngunggung
wekasane kajalomprong.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Saka tuladha telu mau kabeh ora patut ditiru. Kabeh tuladha mau yen ditiru malah dadi luput. Wong nom titkane yaiku seneng yen digunggung/dialem dening wong liyan/wong akeh. Nanging kabeh iku wusana bakal njlomprongake awake dhewe.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Ketiga contoh diatas merupakan contoh yang salah dan tidak patut ditiru. Kalau kamu menirunya , berarti kamu telah melakukan tindakan yang salah. Anak muda suka kalua disanjung /dimanja/diungkap kebaikannya,tidak tahu itu semua bisa menyesatkan dirinya.

Tegese tembung :
1.      Patut : pantes
2.      Wawadi : wewadi, barang kang rahasia
3.      Kurang wawadi : kurang ngerti wewadi
4.      Nggunggung : ngalem
5.      Kajalomprong : kejlomprong, kejegur


                                                            ( Pada 12 )
Yen wong anom puniku
kakehan panggunggung dadi kumprung
pengung bingung wekasane pan angoling
yen ginunggung muncu-muncu
kaya wudun meh mencothot.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Manawa bocah nom iku kerep dialem, wekasane dadi bocah kang bodho,bedheg, lan bingungan. Wusana gampang dipaeka/diapusi, yen digunggung kanthi linuwih/muncu-muncu, kaya dene wudun kanga rep mbledhos/mencolot.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Jika pemuda terlalu banyak sanjungan, maka ia menjadi tolol, tuli, dan bingung, akhirnya mudah diombang-ambingkan, jika sedang dipuji, maka monyong seperti bisul yang hampir meletus

Tegese tembung :
1.      Kumprung : bodho banget,gumedhe, sombong
2.      Penggung : bodho
3.      Angoling :  nggoling, kutah
4.      Muncu-muncu : kebak banget,

                                                            ( Pada 13  )
Dene kang padha nggunggung
mung sepele iku pamrihipun
mung warege wadhuke klimising lathi
lan telese gondhangipun
reruba alaning uwong.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Wong sing seneng ngalem mau, mung prasaja panyuwunane/pepinganane, yaiku wareg wetenge ,tansah teles lambe lan gorokane. Kabeh mau kaleksanan kanthi nyatur alaning wong liya.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Bagi orang yang (suka) memuji, pamrihnya hanyalah sederhana (saja), (yaitu) hanya kenyang perutnya,  basahnya  bibir,  dan  basahnya  kerongkongannya,  senangnya  mencari  kejelekan orang.

Tegese tembung :
1.      Wadhuk : weteng
2.      Lathi : lambe
3.      Gondhangipun : gorokane,
4.      Ruruba : paweweh kanggo golek pamrih, ijol

                                                            ( Pada 14 )
Amrih pareke iku
yen wus kanggep nuli gawe umuk
pan wong akeh sayektine padha wedi
tan wurung tanpa pisungsung
adol sanggup sakehing wong.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Amrih cedhak karo panguwasa/pejabat, kabeh samubarang kang ala dilakoni. Yen wis katekan niyat/sedyane/kekarepane, banjur gawe ontran-ontran/pokal supaya wongliya wedi. Kanthi mangkono dheweke nampa bebana/hadiah saka ngedol kapinterane wong liya.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Supaya dekat (dengan atasan). Jika sudah terpakai kemudian membuat ulah dengan membuat orag menjadi takut sehingga ia menerima upeti dari hasil menjual kemampuan orang lain.

Tegese tembung :
1.      Parek : cedhak
2.      Tan wurung : wekasane
3.      Pisungsung : hadiyah, paweweh


                                                            ( Pada 15 )

Yen wong mangkono iku
nora pantes cedhak lan wong agung
nora wurung anuntun panggawe juti
nanging ana pantesipun
wong mangkono didhedheplok.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Wong kang kalakuwane kaya mangkono ora pantes nyedhaki panguwasa/pejabat amarga bisa nuwuhake tindak-tanduk kang ala/jahat. Wong kang kaya mangkono pantese didheplok/ditutu/dipalu supaya musna saka bumi iki.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Orang seperti itu tidak pantas untuk berdekatan dengan pembesar karena dapat mendorong untuk berbuat jahat. Meskipun begitu tetap ada kepantasannya, yaitu dihukum yang setimpal agar musnah dari muka bumi.
Tegese tembung :
1.      Juti : jahat. Maling, nyolong
2.      Didhedheplok : diplok, dijur

                                                            ( Pada 16 )
Aja kakehan sanggup
durung weruh tuture agupruk
tutur nempil panganggepe wruh pribadi
pangrasane keh wong nggunggung
kang wus weruh amelengos.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Aja kegedhen rumangsa, rumangsane ngerti sakabehane. Durung ngingeti dhewe nanging wis kakehan ngomong kaya-kaya ngerti kahanan sabenere. Wong kang kaya mangkono dikira akeh sing ngalem. Wong kang ngerti kalakuane, bakal mlengos saka dheweke.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Mereka menganggap dirinya tahu segalanya. Belum melihat dengan mata kepala sendiri tetapi banyak berbicara, bahkan hanya dengan mendengar seolah-olah mengetahui sendiri. Dikiranya banyak yang menyanjung. Padahal yang mengetahuinya akan memalingkan muka.     

Tegese tembung :
1.      Gupruk : gupyuk, yak-yaka
2.      Nempil : melu nunut, tuku sethithik    
                                          

( Pada 17 )
Aja nganggo sireku
kalakuwan kang mangkono iku
nora wurung cinirenen den titeni
mring pawong sanak kang weruh
nora nana kang pitados.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Aja duwe kalakuwan lan tindak-tanduk kang kaya mangkono, sanak sedulur bakal nyireni/niteni kalakuwan mau, wusana ora percaya maneh marang sliramu.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Oleh karena itu, jangn kamu bersikap seperti itu karena pasti akan menjadi catatan dalam hati sanak saudara. Mereka tidak akan percaya lagi kepadamu.

Tegese tembung :
1.      Sireku : sira + iku
2.      Datan wurung : ora wurung
3.      Pitados : percaya
           


Komentar

  1. Balasan
    1. Gw sih lord afirnaim quen quen quen quen teketek quen quen quen

      Hapus
  2. ㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤㅤ

    BalasHapus
  3. Ep epp buruk pale paale

    BalasHapus
  4. Bahasa Jawa nyuenii

    BalasHapus
  5. Boleh tahan (lumayan)

    BalasHapus
  6. kepo yh wiiwowowkwk6 September 2023 pukul 13.48

    p anjaz kelaz

    BalasHapus
  7. Masih ada yang kurang belum ada nasehatnya

    BalasHapus
  8. Kiwkiw hicel kukgrukuk

    BalasHapus
  9. Arghhh kebak e to suwi barang ngengkel ke ok hehehe

    BalasHapus
  10. Anjay alok 🕠🐒🐒🌧🐼🐼🐼

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap