Contoh Paribasan dalam Bahasa Jawa Sehari-hari



Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone (tulisane) mawa teges wantah, lan ora ngemu surasa pepindhan.

Tuladha Paribasan :

1. Adigang, adigung, adiguna
    tegese wong kang ngedir-edirake kekuwatane, kaluhurane lan kapinterane.

2. Ana catur mungkur
    tegese ora gelem ngrungokake ( mraduli) rerasaning liyan kang ora prayoga,kang bisa uga njalari  tuwuhing padudon utawa regejegan.

3. Anak anung anindhita
    tegese Anak kang njunjung drajating wong tuwa, amarga nduweni kalungguhan/pangkat

4. Anak polah, bapa kepradhah
    tegese wong tuwa nemu reribet amarga saka polahe anak


     Baca juga : contoh bebasan dalam Bahasa Jawa

5. Baladewa ilang gapite
    tegese ilang kaluhurane

6. Bapa kesulah anak kepolah
    tegese anak duwe kuwajiban tanggung jawab marang perkarane bapake kang wis tinggal donya.

7. Becik ketitik ala ketara
    tegese tumindak bener utawa salah tembe mburine bakal ana undhuh-undhuhane

8. Blaba wuda
    tegese saking lomane nganti awake dhewe kecingkrangan

9. Blilu tau,pinter during nglakoni
    tegese senajan kurang kapinterane sarehne wis kerep nindakake mesthi luwih prigel tinimbang wong sing luwih pinter nanging durung tau nindakake.

10. Bubuk oleh leng
     tegese duwe niyat ala oleh dalan

11. Busuk ketekuk ,wong pinter keblinger
     tegese bodho lan pinter padha wae nemoni cilaka

12. Ciri wanci lelai ginawa mati
     tegese duwe cacat kelakuan ala ,ora bisa ilang/mari nganti tumekaning pati.

13. Dahwen ati open
     tegese nacad nanging arep di melik dhewe

14. Demit ora ndulit setan ora doyan
     tegese tansah raharja ( slamet ) ora ana pangganggu gawe kang bias tumata

15. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan
     tegese senajan wong liya yen ana ora kepenake melu ngrasakake


     Baca Juga : contoh saloka dalam Bahasa Jawa

16. Durung becus keselak besus
     tegese Durung pinter sekolahe, wis duwe pepinginan sing ora-ora

17. Giri lusi jalma tan kena kinira
     tegese ora kena ngina marang wong liya

18. Gliyak-gliyak tumindak sareh pikoleh
     tegese alon-alon olehe tumindak nanging kaleksanan sedyane

19. Golek-golek ketanggor wong luru-luru.
      tegese karepe arep golek-golek malah di jaluki

20. Kendel ngringkel , dhadhag ora godak
      tegese ngakune pinter lan kendel jebule bodho lan jirih

21. Jalukan ora wewehan
      tegese seneng njaluk nanging ora gelem menehi

22. Kepalu ketutu ( kepenthung )
      tegese oleh kasangsaran kang matumpa tumpa(terus2an)

23. Kadang konang
      tegese Sing diaku sedulur mung sing sugih-sugih/pangkat-pangkat

24. Kebat kliwat gancang pincang
      tegese Tumindak kang kanthi kesusu, wusanane kleru

25. Kegedhen empyak kurang cagak
      tegese kegedhen kekarepan nanging ora sembada

26. Kineban lawang tobat
      tegese wis ora oleh pangapura saka pangeran

27. Lengkak lengkok ora wurung ngumbah popok
      tegese wong wadon ditari omah2 ing sakawit ora gelem wusanane gelem lan klakon duwe anak

28. Mbidhung api rowang
      tegese arep ngrewangi malah ngrusuhi

29. Nandur pari jero
      tegese Gawe kabecikan, ing tembe buri bakal ana pikolehe

30. Njunjung ngentebake
      tegese ngalembana nanging duwe niat ala.

31. Ora narima ing pandum
      tegese ora narima ing pepesthene Kang Maha Kuwasa

32. Sapa salah seleh
     tegese Sing sapa nindakake kaluputan, bakal konangan 

33. Sembur-sembur adas siram-siram bayem
      tegese saka puji pandongane wong akeh muga2 bisa klakon temenan

34. Sepi ing pamrih rame ing gawe
      tegese tumandang gawe tanpa duwe kamelikan apa-apa

35. Tuna satak, bathi sanak
      tegese rugi bandha nanging bathi sedulur

36. Tulung menthung
      tegese aweh tetulung nanging wusanane malah gawe rekasane wong kang di tulungi

37. Ulat madhep ati karep
      tegese gegayuhan iku kudu dikantheni anteping ati

38. Undhaking pawarta sudaning kiriman
      tegese pawarta iku lumrahe wis beda karo nyatane

39. Welas temahan lalis
      tegese welas marang wong wusanane malah gawe cilakane wong sing di welasi ( amarga saka            rasa welase temahan nandhang kapitunan dhewe )

40. Wiwit kuncung nganti gelung
      tegese wiwit isih bocah ( cilik ) nganti tumekane diwasa

41. Yitna yuwana lena kena
       tegese sapa sing ati2 bakal slamet sapa sing sembrana bakal cilaka

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap