Contoh Bebasan dalam Bahasa Jawa Sehari-hari



Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone,tegese entar ngemu surasa pepindhan sing dipindhakake kaanan,sifate wong,lan tindak tanduke.

Tuladha Bebasan :
v   Di wenehi ati ngrogoh rempela
tegese di wenehi kelonggaran wusana njaluk supaya luwih di murahi maneh;di wenehi kepenak isih kurang kepenak.

Baca JugaContoh Paribasan dalam Bahasa Jawa Seahari-hari
v   Emban cindhe emban siladan
tegese ora padha pangrengkuhe marang siji lan sijine;pilih kasih,ora adil.
v   Kelacak kepathak
tegese wis ora bisa ngungkiri (ngendhani) kaluputane amarga wis kabukten
v   Kerot ora duwe ( tanpa ) untu
tegese nduweni sedya ( niyat ,kekarepan,panjangka )nanging ora duwe wragad ( kekuwatan , srana )
v   Kocak tandha lukak
tegese wong kang akeh omongane nandhakake yen bodho.
v   Kumrisik tanpa kanginan
tegese Marga pancen salah sanajan ora didakwa, atine ora kepenak
v   Lambe setumang kari samerang
tegese olehe mituturi wis bola-bali ,sing di tuturi meksa ora nggugu.
v   Mbalung usus
tegese niyate kendho kenceng.
v   Nabok nyilih tangan
tegese namakake/nindakake panggawe ala sarana kongkonan wong liya.
v   Nampel puluk
tegese murungake rejekine wong liya sing arep di tampa.
v   Nyempal sambi mancal
tegese wong ngawula (ngabdi) minggat kanthi nggegawa barang darbeke wong kang di kawulani.
v   Ora ana banyu mili mendhuwur
tegese kelakuane anak mesthi niru wong tuwane.
v   Pandengan karo srengenge
tegese memungsuhan karo wong kang nduweni panguwasa.
v   Sandhing kirik gudhigen
tegese Sesrawungan karo wong ala bakal ketularan ala
v   Suduk gunting tatu loro
tegese kleru nindakake sawijining pagaweyan ,wusanane gawe kapitunan luwih akeh.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap