WARNA-WARNANE KATRANGAN



Gatra katrangan yaiku perangan ukara sing menehi katrangan marang jejer, wasesa, utawa lesan.

Warna-warnane katrangan iku ana 12, yaiku :

1. Katrangan titi mangsa / wayah / wektu (keterangan waktu)
   Tuladha : Jihan sinau ing sekolahan saben dina.
                   Mau bengi aku nonton wayang.

2. Katrangan panggonan/papan (keterangan tempat)
   Tuladha : Meyla blanja janganan ing pasar.
                   Bapak kondur saka Semarang.

3. Katrangan cacah/jumlah/wilangan (keterangan jumlah)
   Tuladha : Aku ngingu sapi papat wedhus lima.
                   Murid kelas 9A kabeh ana telun puluh.

4. Katrangan karana/lantaran/sebab (keterangan sebab)
   Tuladha : Siska ora mlebu sekolah amarga lara ngelu.
                   Erna lan Erlin ora melu piknik amarga bapak ora marengake.

5. Katrangan akibat (keterangan akibat)
   Tuladha : Wiji iku kerep mbolos, mula ketinggalan sinaune.
                    Siswanto ditinggal menyang semarang, mula nangis wae.

6. Katrangan sarana/piranti (keterangan alat)
   Tuladha : Nurul ngonceki pelem nganggo peso.
                   Pak Tani nggarap sawah nganggo traktor.

7. Katrangan kaanan (keterangan keadaan/sifat)
   Tuladha : Kutha Jakarta hawane panas.
                   Listiyani ngguyu kepingkel-pingkel.

8. Katrangan sedya/kekarepan/maksud (keterangan tujuan)
   Tuladha : Dewi sinau mempeng supaya pinter.
                   Jogane disaponi supaya resik.

9. Katrangan ubaya (keterangan syarat)
   Tuladha : Dilawati pareng ndherek menyang pasar, anggere ora rewel.
                   Puguh arep ditukokake sepdha motor,anggere juwara siji.

10. Katrangan asal (keterangan asal)
     Tuladha : Rahma gawe peyek saka kacang.
                     Parjo dolanan jaranan saka papah gedhang.

11. Katrangan wewatesan (keterangan pembatasan)
     Tuladha : Para siswa klas IX wis padha mlebu, kajaba Belasafitri.
                     Para tamu besan wis padha rawuh, kajaba Pak Siswoyo.

12. Katrangan katemtuan (keterangan kepastian)
     Tuladha : Sing sapa bae kang nglanggar tata tertib sekolah, mesthi diwenehi ukuman.
                     Sapa wae yen numpak sepedha motor ora nganggo helm,mesthi ditilang.









Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap