Cerita Wayang Rama lan Shinta
Wonten nagari naminipun Kosala,
dumunung ing kitha Ayodya. Ingkang jumeneng nata Prabu Dasarata. Sang Prabu
kagungan garwa cacah tiga. Kaliyan Dewi Kosalya peputra Rama. Kaliyan Dewi Kekeyi
peputra Barata. Dene kaliyan Dewi Sumitra peputra kembar, Lesmana tuwin
Satrugna.
Prabu
Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh kaprabon. Rama
ginandhang-gadhang nggentosi kelenggahanipun ingkang rama. Ananging, Dewi
Kekeyi boten narimakaken manawi Rama kawisudha minangka raja Ayodya. Garwa
angka kalih punika ngersakaken Barata, putranipun ingkang jumeneng nata. Kanthi
awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekeyi dipunsembadani dening Prabu Dasarata.
Wusananipun Rama kedah nglampahi gesang ing wana dangunipun 14 warsa.
Tindakipun
Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Lesmana. Lampahipun
dumugi ing wana Dhandaka. Ing papan punika, ketiganipun kepanggih Sarpakenaka,
rayinipu Prabu Rahwana, raja Alengkadiraja. Sarpakenaka ingkang asipat raseksa
wanodya punika kepencut kabagusaning Rama. Rama botan nglanggati. Sarpakenaka
lajeng manggihi Lesmana. Lesmana babar pisan botan nggape piyambakipun.
Sarpakenaka nesu, ngamuk. Lesmana boten kirang weweka. Raseksa wanodya,
rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung
talinganipun. Piyambakipun lajeng ngadhep ingkang raka. Rakanipun karerepa
murih malesaken wirangipun. Prabu Rahwana sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka
tumuju wana Dhandaka nitih kreta kencana ngambah jumantara kadherekaken Kala
Marica.
Dumugi
wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang
kencana, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elami, ngengreg merak
ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga.
Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah
kepingin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang
ngelam-elami saha memencut manah punika.
“Dhuh Raden,
pangayoming jiwa-raga kula. Ing sangajenging netra wonten kidang kencana
ingkang elok ing warni. Inggih nembe sapisan punika kula sumerep wujuding
kidang ingkang ulesipun kencana. Mendah senenging manah kula menawi saged
ngingah kidang punika minangka panglipuring manah ing salebeting wana ingkang
bawera punika,” aturipun Putri Manthili.
“Yayi,
salumahing bumi sakureping langit tan ana kang ngembari. Tresnane pun kakang
marang sliramu tanpa pepindhan. Labuh tresnaku marang sliramu, saiki uga bakal
dakwujudi pepenginanmu. Kidang kang kokarepake bakal dakcekel. Mula lilanana
pun kakang linggar saka pakuwon,” ngandikanipun Raden Rama dhumateng ingkang
garwa.
“Inggih,
Kakangmas. Donga kula saking papan pasutapan tansah umiring tindak paduka,”
aturipun Sinta sinarta esem ingkang ngujiwat.
“Ya, Yayi.
Welinge pun kakang, aja pisan-pisan metu saka pagering pakuwon tanpa palilahku.
Wis yayi, karia slamet,” ngandikanipun Raden Rama.
Kidang
pinuntut wingking dening Raden Rama arsa kecepeng. Kidang nebih. Rama ngetut
malih. Kidang mlajeng sangsaya tebih. Rama ngetog karosanipun kanthi nututi
mlajeng. Danguning-dangu plajenging kidang tebih saking dununging pakuwon.
Raden Rama suda kasabaranipun. Putra Ayodya punika lajeng menthag gendhewa
nglepasaken jemparing. Kidang kepanah, kenging cumeprot. Sakala kidang njola,
mbekik sarosanipun ngantos kapireng dening Sinta. Pambekiking kidang
lamat-lamat kados pisambatipun Raden Rama. Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih
katiwasan. Lesmana kapurih nglari purunging swanten. Kanthi gegancangan,
Lesmana ngestokaken dhawuh. Samangke Sinta tanpa rowang.
Sumerep
ingkang dipunener piyambakan, Rahwanaraja ingkang sampun dumugi sacaketing
pakuwon, girang-girang gumujeng salebeting batos. Raja Alengkadiraja nunten
mindha-mindha pandhita kesrakat ingkang ngelak saha luwe nyuwun boga-toya ing
wiwaraning pager. Sinta welas dhateng kawontenaning pandhita memba-memba.
Nalika ngulungaken omben saha tetedhan, tanganipun Sunta kageret dening
pandhita memba-memba. Piyambakipun karudapeksa, kalebetaken kreta kencana
mumbul nggegana. Badar wujuding pandhita dados Dasamuka, raja Alengkadireja,
inggih rakanipun Sarpakenaka. Taksih njola-njola bangga, jelih-jelih asesambat,
Sinta kadhusta dening raja raseksa kabekta dhateng Alengkadiraja.
Jathayu,
kagendra, inggih rajaning peksi mitranipun Prabu Dasarata, mireng pisambatipun
Sinta. Sareng sumerep anakipun mitranipun dipuncidra dening Rahwana, Jathayu
tumunten nututi ngantariksa.
“He,
Rahwanaraja! Balekna Dewi Sinta. Apa ora ngerti yen Sang Dewi iku garwane Raden
Rama. Apa lekasing raja gung kang kaya mangkono iku pantes lamun tinulad dening
para kawula? Mula, sadurunge kebacut, enggal ulungna Putri Manthili,
dakpisungsungake maneh marang ngarsane Raden Rama…!” panguwuhipun Jathayu.
“Haaaa….,
ha…, ha…! Dhasar manuk ora ngerti karepe wong gandrung. Ora prelu kowe
ngandhani. Aku wis ngerti. Mula, becik kowe balia bae sadurunge dakpothel
gulumu, daksempalsempal swiwimu, dakoklek-oklek sikilmu, dakjabuti wulumu!
“Minangka
mitrane Prabu Dasarata, sapisan maneh dakelingake. Balekna Dewi Sinta apa
Dasamuka tumekaning pralaya ?”
“E lhadalah,
sapira banggane manuk. Majua leganing atiku!”
Jathayu
bandayuda kaliyan Dasamuka. Dedreg udreg-udregan, silih-ungkih. Jathayu arsa
ngrebat Sinta, nanging Dasamuka mambengi. Danguning-dangu Jathayu kalindhih.
Swiwinipun sisih kering katrajang kridhaning Dasamuka. Sengkleh. Jathayu
katelasan daya, katendhang kumleyang ing awang-awang, dhawah ing siti
kejet-kejet klebekan.
Dhawahing
Jathayu kapanggih Raden Rama kaliyan Lesmana. Jathayu suka katrangan manawi
Sinta kadhusta dening Rahwanaraja. Kekalihipun nututi. Awit saking
pambyantunipun Wanara Seta, nuwun inggih Anoman, Raden Rama dalah rayinipun kasil manggihaken dunungipun Dewi
Sinta kasingidaken.
Rahwanaraja
boten ngulungaken Dewi Sinta. Bandayuda tan kenging dipunendhani. Dasamuka
kajemparing Brahmastra dening Raden Rama, njrebabah ing bantala, pralaya,
tiwas, sirna marga layu. Rama kapanggih malih kaliyan pepujaning wardaya, Dewi
Sinta.
hm. . . .
BalasHapusBisa dibuat bahasa jawa ngoko g?🙏🏻
BalasHapus