Parikan Basa Jawa


Parikan  yaiku basa pinathok kang pangrakite nggunakake purwakanthi swara.
Paugerane parikan, yaiku :
1)             Kadadean saka rong ukara, dhapukaning ukara nganggo purwakanthi swara.
2)             Saben saukara kadadean rong gatra.
3)             Ukara kang sepisan minangka bebuka, ukara kapindho minangka isine.
4)            Sing saukara kadadean patang gatra, gatra kapisan lan kapindho minangka bebuka, gatra katelu lan kaping pat minangka isine.
Tuladha :
1.             Abang-abang ora legi, mampang-manpang jebul ra wani.
2.             Abang-abang ora legi, tiwas magang ora dadi.
3.             Ali-ali mata telu, aja lali mring wajibmu.
4.             Andheng-andheng ana irung, sapa mandeng bisa wuyung.
5.             Bacem kaline, sajake ayem atine.
6.             Bisa nyawang ora bisa nyuling, bisa nyawang ora bisa nyandhing.
7.             Blarak disamperke, omahe cerak ra ngampirke.
8.             Brambang karo jae, lanang wadon padha bae.
9.             Brangkal keli banyu, barang mokal angel ketemu.
10.         Ciyu ra digambar, tiwas kiyu ra dibayar.
11.         Gaplek pringkilan, wis tuwek kok pethakilan.
12.         Gumuk gunung cilik, aja umuk mundhak kecelik.
13.         Jagung bakarane, wani tanggung prekarane.
14.         Jambu apa jeruk, aku melu apa entuk.
15.         Jaran kepang mangan pari, klambi abang sing marahi (klambi abang merak ati).
16.         Jeruk jambu nanas, rada watuk ngelu panas.
17.         Kecipir mrambat kawat, ora mampir yen liwat.
18.         Mangan kupat tanpa santen, yen lepat nyuwun ngapunten.
19.         Manuk prenjak mabur ngulon, nyedhak-nyedhak arep takon.
20.         Nandur pari palawija, sing setiti dadi mulya.
21.         Ngetan bali ngulon, tiwas ngedan ora kelakon.
22.         Ngombe ciyu gambar manuk, nembung melu apa entuk.
23.         Nyangking ember ngiwa tengen, lungguh jejer tamba kangen.
24.         Pari gaga ledhung-ledhung, sing sembrana dadi bingung.
25.         Pecut diseblake, wis kebacut dikapake.
26.         Pedhot neng sunggingan, sumedhot saya kelingan.
27.         Pring ori cagak memean, ora wedi diajak kangelan.
28.         Pring ori dienggo sulingan, cegat mburi metu iringan.
29.         Semarang kaline banjir, ja sumelang ra dipikir.
30.         Si belo nusu jaran, sapa bodho kasangsaran.
31.         Tela mambu angin, wong tuwa wis ora pengin.
32.         Timun sigarane, ayo mbangun negarane.
33.         Tuku ciyu sagelase, nembung melu salawase.
34.         Tuku lilin dawa-dawa, tiwas salin ora sida.
35.         Tuku srabi menyang sala, dienteni ra rumangsa.
36.         Ula talipicis, gawe gela ora uwis-uwis.
37.         Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja.
38.         Wedang bubuk gula jawa, ati mathuk katone suka.
39.         Wit kelapa jare glugu, ngreganana wong tuwamu.
40.         Wit semangka dawa-dawa, ngajenana sapapadha.
41.         Kembang mlathi, ganda wangi warna peni
Watak putri kudu gemi lan nastiti.
42.         Kembang menur, ditandur ing pinggir sumur
Yen wis makmur aja lali mring sedulur.
43.         Kembang aren, sumebar tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen.
44.         Rujak nanas pantes diwadhahi gelas
Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora nggagas.
45.         Rujak cengkir pantes diwadhahi takir
Mlipar-mlikir jebulane duwe esir.
46.         Tawon madu, ngisep sari kembang bestru
Aja nesu yen dituduhke luputmu.
47.         Kembang salak, sumber aneng tengah bulak
Aja anggak luwih becik sing sumanak.
48.         Kembang randhu, sadhompol isine telu
Timbang nesu ayo padha mesem ngguyu.
49.         Kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
Wong urip ora gampang, mula padha ngati-ati.
50.         Kembang randhu jeneng karuk, tiba klumah mawur-mawur
Gampang nesu gelis wungkuk, lembah manah tambah umur.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Tembung-tembung Dasa Nama Lengkap