Sasmitaning Gendhing dalam Bahasa Jawa
Sasmitaning gendhing
yaiku pralambang arane gendhing. Lumrahe diucapake dhalang nalika njaluk
gendhing marang niyaga.
Tuladha
Sasmitaning Gendhing :
1. Tindake sang Raden Arjuna lumebeng wana
tansah karendhet-rendhet ing ri bebondhotan ing anggane.
Tegese dhalang njaluk gendhing bondhet
2. Ramene sang Punakawan anggone suka
parisuka wonten ing tepining tlaga gya badhe lelayaran.
Tegese dhalang njaluk lagu
dolanan Prau Layar
3. Ing wayah sonten sekeca midhangetaken
ocehing kukila ing pange wreksa waringin.
Tegese dhalang njaluk gendhing
kutut manggung
4.
Ing madyaning palagan katon sekar arum
kongas gandane.
Tegese dhalang njaluk gendhing sekar gadhung
5. Esemira sang Dewi Srikandhi pindha
gebyar ing thathit maweh renyeping wardaya.
Tegese dhalang njaluk gendhing renyep
6. Sang Dewi Banowati wonten ing taman
sari tansah angayun-ayun ing asmara.
Tegese dhalang njaluk gendhing/tembang asmaradana
7.
Sang Werkudara anggenya lumampah sajak
mangu-mangu ing wardaya.
Tegese dhalang njaluk gendhing ladrang mangu
8.
Anjrahing puspita pindha kencana timbul
ing warih.
Tegese dhalang njaluk gendhing/tembang maskumambang
9.
Asri lamun tiningalan.
Tegese dhalang njaluk gendhing Srikaton
10.
Kadya liman mendhot saking wantilan.
Tegese dhalang njaluk gendhing Diradameta
11.
Kaya peksi keneplokan.
Tegese dhalang njaluk gendhing Peksi kuwung
12.
Pindha pandam kentiring warih.
Tegese dhalang njaluk gendhing damarkeli
13.
Kaya palwa labuh ing samudra.
Tegese dhalang njaluk gendhing gonjang-ganjing
14.
Ngambar sekar pepe.
Tegese dhalang njaluk gendhing kembang pepe
15.
Sangu branta.
Tegese dhalang njaluk gendhing Lonthang kasmaran
16.
Obah ingkang samya sumewa.
Tegese dhalang njaluk gendhing Ladrang sobah
17.
Kadya keplesed-pleseda.
Tegese dhalang njaluk gendhing Ladrang lere-lere
18.
Kadhung malatkung.
Tegese dhalang njaluk gendhing Gandrung mangu
19.
Tansah aniteni konduring nata.
Tegese dhalang njaluk gendhing Titipati
20.
Kentir ing warih .
Tegese dhalang njaluk gendhing Kanyut
21.
Tansah mlintir gumbalane.
Tegese dhalang njaluk gendhing capang
22.
Kadya sela bentar.
Tegese dhalang njaluk gendhing Kedhaton bentar
23.
Kadya kukila sasra.
Tegese dhalang njaluk gendhing Manyar sewu
24.
Kadya hambereg sima.
Tegese dhalang njaluk gendhing Singa nebah
25.
Nglewer kuncane.
Tegese dhalang njaluk gendhing Moncer
26.
kaya jangkrik mambu kali.
Tegese dhalang njaluk gendhing Jangkrik genggong
27.
Kaya menur dhadhu.
Tegese dhalang njaluk gendhing Gambir sawit
28.
Kadya wangkawa.
Tegese dhalang njaluk gendhing kuwung-kuwung
Maturnuwun awit seserepanipun.
BalasHapusNyuwun palilahipun badhe nyalin tempel (copas) kangge sinau.
Rahayu sagung dumadi.