JAKA BODHO
JAKA
BODHO
Nalika semana,ana omah siji sing
mencil dhewe. Ing omah iku manggon mbok randha
lan anake lanang siji. Anake lanang wis jaka,umur-umurane udakara wis ana rong
puluhan taun. Nanging isih bodho banget. Ora gelem nyambut gawe mbantu wong tuwane,senengane
isih dolanan karo bocah cilik-cilik.
Mbok Randha bingung. Anake lanang
sing wis jaka mau banjur di tukokake kebo. Karepe Mbok Randha supaya anake
gelem angon. Nanging saben anake lanang jaka mau di kongkon angon kebone malah
mbantah,ora gelem. Geleme yen kanthi cara di bujuk-bujuk.
“Ora nang. Kowe ora dakkongkon
angon. Lha bocah bagus jare angon. Nanging kebo iki mung tutake wae saka
mburinan. Di awat-awati saka kadohan. Yen lunga adoh di penggak. Cekake kebo
iku kancanana yen pinuju nyenggut suket ana ing lurung utawa alas.”
Elok. Kanthi tembung sing kaya
mangkono mau anake lanang banjur gelem angon kebone. Pancen dhasare bocah bodho
di kongkon angon ora gelem nanging yen di kongkon ngetutake lan ngancani kebo,
gelem. Ya jalaran saka bodhone anake lanang Mbok Randha mau mula banjur kaceluk
Jaka Bodho.
Jaka bodho,nalika lagi angon kebo
ana ing tengah alas,ngerti ana wong wadon nom-noman ayu sumendhe ing wit gedhe.
Wong wadon mau miturut anggepane si Jaka Bodho lagi turu kepati,mula bajur di
gugah. Nanging panggah ora gelem tangi. Jalaran sejatine wong wadon mau wis
mati.
Grenenge si Jaka Bdho, “wong wadon
ayu-ayu kok turu sak nggon-nggon,lan angel di gugah.”
Wong
wadon isih nom-noman tur ayu mau banjur di bopong di jak bali mulih menyang omahe
si Jaka Bodho. Kebone di tinggal glanggang. Tanpa di ngerteni dening simboke
Jaka Bodho ngglethakake wong wadon mau sing di anggep turu angkler.
Diglethakake ana ing paturone si Jaka Bodho dhewe. Banjur si Jaka Bodho arep
bali maneh menyang tengah alas ngancani kebon mangan suket. Si Jaka Bodho
ninggal wekas,”Wis ya ndhuk cah ayu,aku arep bali ning tengah alas ngancani
kebone simbok . turua sing kepenak.”
Ing batin si Jaka Bodho rumangsa
seneng. Jalaran dheweke rumangsa nemu bojo ayu. Bali saka anggone angon,lawang
akamare di bukak.
Batine si Jaka Bodho maneh” Lho,isih
turu ta bojoku?” Bengine si Jaka Bodho ngguya-ngguyu cekikak-cekikik dhewe.
Rumangsane lagi ngakak guyon marang wong wadon sing di anggep turu kepati mau.
Dheweke babar pisan ora ngerti yen sejatine wong wadon mau wis mati.
Kedadean sing kaya mengkono mau di
lakoni si Jaka Bodho nganti tekan pirang-pirang bengi.saben bengi si Jaka Bodho
mung tansah cekikikan wae. Kocapa,wong wadon ayu sing wis mati mau suwe-suwe
banjur ngganda bacin. Simboke ora ngerti,jalaran saben si Jaka Bodho metu saka
kamar lawange di kunci saka njaba. Nganti sawijining dina si Jaka Bodho kandha
marang simboke.
“Mbok….mbok,aku
arep entuk bojo ayu banget,mbok?”
“Bojo?
Entuk bojo sapa?”
“Bojo
wong ayu. Olehku nemu ana ing tengah alas.”
“Lho,boj
kok nemu?”
“Tenan
kok mbok. Lho kae bojoku lagi turu angkler ana ing kamarku.”
Simboke
Jaka Bodho banjur di ajak mlebu kamare di tuduhi bojone. Sakala simboke alok.
“
wadhuh nang. Iki mono wong wis mati.”
“Lho,simbok
iki piye ta? Iki bojoku olehku nemu dhew ing tengah alas kok!”
“iki
mono wong wis mati ya nang.”
“Kok
bisa mbok?”
“Ya,yen
ana wong sing wis mati ngganda bacin ngene iki tandhane wis mati. Kudu dikubur!
Lha mula pirang-pirang ndina aku kok nggganda banger. Dak kira lagi ana bathang
ing sacedhake omah kene.” Kandhane simboke.
“Wis,
nang, kuburen wae wong iki.” Prentahe simboke.
Senajan
rumangsa gela,wong mati sing di kira turu dening Jaka Bodho mau banjur kapeksa
di kubur.
Ndrawasi
banget kahanane si Jaka Bodho. Nalika wektu surub,simboke dhewe di glandhang
peksan di jak metu. Simboke jerit-jerit . Nanging si Jaka Bodho, sing pancen
bodho tenan iku isih meksa ngglandhang simboke dijak menyang tengahe alas.
“
Ayo,mbok. Kowe kudu manut aku . kowe bakal dakkubur,jalaran kowe wis mati.”
Aloke si Jaka Bodho karo tetep ngglandhang simboke.
“
Ora, nang . aku sisih urip!” jerite mbok randha.
“Ora
mati piye? Lha genah yen kowe wis mati kok mbok. Kowe wis ngganda bacin nalika
kowe ngobos mau.”
Tangane
mbok randha bias uwal saka pangglandhange Jaka Bodho. Banjur mbok randha mlayu
jerit-jerit njaluk tulung tangga-tanggne. Senajan rada adoh dununge
tangga-tanggane,jakaran saking banter anggone njerit mbok randha,mula
tangga-tanggane banjur pating gruduk, padha teka. Tangga-tanggane akeh sing
padha gedheg-gedheg,gumun banget. Lan uga akeh sing rumangsa prihatin marang
kahanane si mbok randha lan si Jaka Bodho.
Sawetara
wektu,mbok randha di ungsekake turu ana ing omahe tangga. Kuwatir yen
samangsa-mangsa di glandhang maneh dening si Jaka Bodho,di anggep simboke wis
mati. Jaka Bodho ana ing omahe dhewekan.
Esuk
umun-umun,si Jaka Bodho wis negori wit gedhang sing durung uwoh.gedeboge banjur
di kethok-kethok,di i sunduki digawe gethek. Gethek mau banjur dijegurake ana
ing kali sacedhake omahe. Si Jaka Bodho banjur numpak gethek mau. Miturut
penemune Jaka Bodho, dheweke uga wis mati,jalaran nalika dheweke ngobos
,gandane bacin. Nanging senajan dheweke rumangsa wis mati,dheweke wegah di
kubur. Mula banjur ngentir ana ing kalikanthi numpak gethek. Mripate kala-kala
di remake. Nanging, nalika mripate bali melek byar………. Dheweke weruh wit jambu
sing thukul ana ing gampeng kali. Wit jambu mau pating genteyong.jalaran lagi
uwoh akeh banget,tur mateng-mateng.
Si
Jaka Bodho nggremeng dhewekan: “ wih ,wit jambu mateng-mateng. Eman jambu sing
padha menter-menter kae aku ora bias njupuk jalaran aku wis mati. Saupama aku
isih urip jambu-jambu mau mesthi bakal dak jupuki dak pangan. Mendah manis lan
segere.”
Getheke
si Jaka Bodho ngentir maneh,adoh banget. Ing gampeng liya ana wit gedhang sing
gedhange uga mateng-mateng. Si Jaka Bodho uga nggremeng maneh,” wah,wetengku
wis luwe banget. Ika ya ana gedhang pating genteyong mateng-mateng. Nanging
eman, aku wis mati.” Dheweke terus kentir katut ilining banyu lan mati amarga
saka bodhone dhewe.
(
Pethikan saka Panjebar Semangat )
Komentar
Posting Komentar