WARNA-WARNANE KATRANGAN

Gatra katrangan yaiku perangan ukara sing menehi katrangan marang jejer, wasesa, utawa lesan. Warna-warnane katrangan iku ana 12, yaiku : 1. Katrangan titi mangsa / wayah / wektu (keterangan waktu) Tuladha : Jihan sinau ing sekolahan saben dina. Mau bengi aku nonton wayang. 2. Katrangan panggonan/papan (keterangan tempat) Tuladha : Meyla blanja janganan ing pasar. Bapak kondur saka Semarang. 3. Katrangan cacah/jumlah/wilangan (keterangan jumlah) Tuladha : Aku ngingu sapi papat wedhus lima. Murid kelas 9A kabeh ana telun puluh. 4. Katrangan karana/lantaran/sebab (keterangan sebab) Tuladha : Siska ora mlebu sekolah amarga lara ngelu. Erna l...