Jinising Tembung
1. Tembung aran (kata benda) Yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae kang dianggep barang. Tuladha: pari,Haryadi, sapi, Merapi, meja, lsp. 2. Tembung kriya (kata kerja) Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe. Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp. 3. Tembung kaanan ( kata Sifat ) Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang. Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas, adhem, sesak, resik, reged, lsp. 4. Tembung katrangan ( Kata Keterangan ) Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung aran. Tuladha: a. asune mlayu banter. b. mangane alon-alon ...