JAKA BODHO
JAKA BODHO Nalika semana,ana omah siji sing mencil dhewe. Ing omah iku manggon mbok ran d ha lan anake lanang siji. Anake lanang wis jaka,umur-umurane udakara wis ana rong puluhan taun. Nanging isih bodho banget. Ora gelem nyambut gawe mbantu wong tuwane,senengane isih dolanan karo bocah cilik-cilik. Mbok Randha bingung. Anake lanang sing wis jaka mau banjur di tukokake kebo. Karepe Mbok Randha supaya anake gelem angon. Nanging saben anake lanang jaka mau di kongkon angon kebone malah mbantah,ora gelem. Geleme yen kanthi cara di bujuk-bujuk. “Ora nang. Kowe ora dakkongkon angon. Lha bocah bagus jare angon. Nanging kebo iki mung tutake wae saka mburinan. Di awat-awati saka kadohan. Yen lunga adoh di penggak. Cekake kebo iku kancanana yen pinuju nyenggut suket ana ing lurung utawa alas.” Elok. Kanthi tembung sing kaya mangkono mau anake lanang banjur gelem angon kebone. Pancen dhasare bocah bodho di kongkon angon ora gelem nan