Cangkriman tegese bedhekan utawa batangan.
Cangkriman yaiku unen-unen
kang kudu dibatang kekarepane.
Cangkriman iku kaperang dadi papat :
1.
Cangkriman kang awujud wantah/wancahan
Cangkriman iki arupa cekakan saka
tembung kang kagandheng dadi siji.
Tuladha
:
a.
Pakboletus = tipak
kebo lelene satus.
b.
Surles penen, suring muten = susur
teles pepenen,susur garing muten
c.
Burnaskopen = bubur panas kokopen.
d.
Manuk biru = pamane punuk bibine kuru
e.
Pindhang kileng = Sapi nang kandhang,kaki mentheleng
f.
Wiwa wite,lesbadhonge,karwa pete = wi
dawa wite,tales amba godhonge,cikar dawa tipete
g.
Tuwok ranan = utune krowok larane ora karuwan
h.
Tuwan sinyo = untune kedawan gusine menyonyo
i.
segara beldhes = segane pera sambele pedhes.
2.
Cangkriman kang awujud pepindhan
Cangkriman iki awujud ukara kang dadi
pepindhan tumrap jeneng kang kudu dibatang.
Tuladha
a.
Pitik walik saba dhadhah/kebon =
nanas
b.
Sega sakepel dirubung tinggi = salak.
c.
Ora mudhun-mudhu yen ora nggawa mrica
sagenthong = kates
d.
Pitik walik saba meja = sulak/kemoceng
e.
Gajah nguntal sangkkrah = pawon
f.
Embokne wuda anake tapihan = bung/pring
g.
Kebo bule cancang merang = buntil
h.
emboke dielsu-elus anake diidak-idak = andha
3. Cangkriman kang ngemu surasa blenderan/plesetan
Tuladha
:
a.
Wong adol krambil dikepruki ( sing
dikepruki dudu wonge nanging krambile).
b.
Wong mancing ning kali ora oleh polisi
( Wong mincing ning kali oleh iwak )
c.
Suta iku wis anguk-anguk kubur ( wis
arep mati )
d.
Wong wudunen iku sugih pari ( paringisan
)
e.
Lawa lima kalong telu dadi pira? ( Dadi
wolu )
f.
Wong adol tempe dibunteli ( sing dibunteli tempene dudu
wonge )
g.
Tibane ngisor digoleki dhuwur ( gentheng trocoh )
h.
Dicokot bongkote sing kalong pucuke ( rokok )
i.
Yen abang mlaku yen ijo mandheg ( obat
nyamuk )
j.
Bosok malah enak ( tape )
4. Cangkriman kang sinawung ing tembang.
Tuladha
:
Bapak
pocung rupne saengga gunung,
Tan
ana kang tresna,
Kabeh
uwong padha gething,
Yen
kanggonan dilus-elus tinangisan. (Udun)
Batangen
cangkrimanku
Gembung
gilig ganggo tali dhadhung
Rada
aneh jalaran mukanya kalih
Yen
mrentah kudu den turut
Nora
manut dadi awon ( kendhang )
Karwapete
BalasHapus