Tuladha Sesanti Basa Jawa
Sesanti
tegese unen-unen utawa tetembungan kang ngemu surasa pitutur tumraping urip
bebrayan.
Tuladhane
Sesanti :
1.
Ajining
dhiri dhumunung aneng lathi, ajine sarira dumunung aneng busana
Tegese wong urip ing bebrayan iku di urmati lan ora gumantung
marang wicarane lan nyandhang panganggone saben dinane.
2.
Alon-alon
waton kelakon
Tegese senajan sarwa sareh anggone tumindak nanging
pikoleh/katekan kang di sedya/di karepake.
3.
Ing
ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa tut wuri handayani
Tegese pengarep kang bener iku ing ngarep bisa nenuntun
kanthi aweh tuladha kang becik,nggrengsengake tekad(semangat)yen ana kalangane
andhahane,lan tut buri kanthi nduweni daya prabawa.
4.
Jer
basuki mawa beya
Tegese bab kang apik /nyenengake iku mesthi mbutuhake
pangorbanan/ragat.
5.
Rumangsa
handarbeni wajib ngrungkepi
Tegese yen rumangsa nduweni kudu gelem ngreksa /njaga.
6.
Rukun
agawe santosa crah agawe bubrah
Tegese karukunan iku bisa marakake kuwat(santosa),nanging
manawa cecongkrahan bisa ndadekake ringkih/rusak.
7.
Sedumuk
bathuk sanyari bumi
Tegese padudon/tukar padu prakara wong wadon utawa
palemahan iku di labuhi toh pati/tumekane pati.
8.
Sugih
tanpa bandha, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake
Tegese nindakake ayahan kanthi tumemen ing babagan panggulawenthah
tumprape bebrayan bakal antukpamareming lair lan batin sarta kajen keringan.
9.
Sura
dira jayadiningrat lebur dening pangastuti
Tegese mubaling kanepson(amarah) kang katone bisa
ngoregake jagad,adate bisa luluh dening solah tingkah kang linambaran rasa
bekti lan tresna asih.
10. Yen kepingin mulya kudu wani rekasa
Tegese kamulyan iku bisane klakon kudu di lambari laku
prihatin ( kudu gelem kangelan )
Komentar
Posting Komentar